Selasa, 20 Agustus 2013

Imunisasi Iman

Waosan: Mateus 14:22-36.   
Pamuji: 
KPK 116
Nats : “Para murid sing ana ing prau mau nuli padha sujud, nyembah marang Gusti Yésus, karo matur: “Panjenengan menika saèstu Putranipun Allah.” (ayat 33)
Imunisasi menika artosipun setunggaling pangupaya kangge nuwuhaken piranti kekebalan tubuh saking manekawarna sesakit ingkang saged nular kanthi dipun lebeti bibit penyakit pejah utawi ingkang sampun dipun lemahaken daya ganasipun. Sahingga saged nuwuhaken daya kebal saranduning badan. Program imunisasi menika dipun anggep gagal, awit asring manggihi putra sabibaripun dipun imunisasi lajeng benter inggil dados rewel. Pangertosan bab imunisasi menika wigatos sanget supados tiyang mboten nglokro awit efek samping imunisasi menika. Manawi tiyang sepuh mangertos bilih panas lan sakiting putranipun menika namung sawetawis wekdal, lan dipun betahaken minangka pratanda sae rumasuking piranti imun, mesti kemawon tiyang lajeng kanthi bingah nindakaken imunisasi menika. ///
Rasul Petrus nalika taksih manther panyawangipun tumuju dhateng Gusti Yesus, piyambakipun saged lumampah napak sak inggiling toya segara. Nadyan katiyubing angin banter inggih mboten dipun raosaken. Nanging sareng enering kawigatosanipun ewah saking Gusti Yesus, piyambakipun ngraosaken santering angin tlaga. Temah dados ajrih lan ambles malah meh kasileb toya talaga. Meh kemawon Petrus bilai. Rahayunipun Gusti Yesus paring pitulung kanthi mulungaken astanipun. Nanging, mugi ndadosana pemut bilih kanthi meh ambles ing toya talaga menika Petrus lan para siswa mangertos bab wigatos lan antebing kapitadosan. Satemah sami manteb imanipun dhateng Gusti Yesus, tumuli sami sujud nyembah lan ngraosaken piyambak panjamahing astanipun. Cobi manawi Petrus mboten ngantos meh kerem ing talaga, mbok menawi panyawanging para siswa dhateng Gusti Yesus inggih namung satunggaling tiyang ingkang ngedab-edabi, guru lan tukang nambani nembe sakit. Kacilakan, kegagalan, sesakit lan pacoben saged lan mugi dados imunisasi iman kapitadosan kita. Sampun ajrih lan getun sanget-sanget. [HS]
“Kesisahan lan sesakit ingkang kita tampi adamel kandeling iman kapitadosan.”



Tidak ada komentar:

Posting Komentar