Jumat, 02 Agustus 2013

Mbelani Kayekten

Waosan: Lelakone Para Rasul 25: 1 – 12. 
Pamuji: 
KPK 85
Nats : “Kula sekedhik kemawon boten lepat, punapa dhateng angger-angering Toretipun tiyang Yahudi, punapa dhateng Padaleman Suci utawi dhateng Sang Nata Agung.” (ayat 8)
Proses pangadilanipun Rasul Paulus wiwit kacepeng punika dangu sanget, langkung saking kalih tahun. Temtu punika saged ‘mblengeri’ tumrap Paulus. Nanging karana panjenenganipun boten rumaos lepat, pramila Paulus taksih setya rawuh ing pengadilan punika malah ngawontenaken panjawab: “Kula sekedhik kemawon boten lepat, punapa dhateng angger-angering Toretipun tiyang Yahudi, punapa dhateng Padaleman Suci utawi dhateng Sang Nata Agung.” (ay. 8).
Paulus boten ajrih dhateng tiyang-tiyang Yahudi lan Sang Nata Agung. Panjenenganipun tetep setya ing kayekten (bebener). Karana punapa ingkang dipun lampahi boten wonten ingkang lepat, pramila panjenenganipun paring panjawab (pembelaan) ingkang panjang kados ingkang kacatet ing Para Rasul 24 : 10- 21.
Paulus boten kagungan tujuan supados mimpang ing pengadilan punika, nanging karana rumaos dados muridipun Gusti Yesus perlu mbelani kayekten kados ingkang sampun dipun lampahi Gusti Yesus. Kanthi mekaten Paulus kepingin nunggak semi kaliyan Gusti Yesus ingakang dados Gusti lan Gurunipun. Ingkang dipun lampahi dening Paulus boten karana tujuanipun piyambak nanging kepingin kayektenipun Gusti kababar ing alam donya. Pramila ingkang penting Paulus nglampahi ingkang leres, dene asilipun kados pundi, utawi panjenenganipun wilujeng punapa boten, boten dados penggalihipun. Rasul Paulus wantun mbelani kayekten nadyan resikonipun boten entheng. Paulus boten pados slamet, aman utawi sekecaning gesang.
Kita minangka pendherekipun Gusti Yesus kaparingan patuladhan dening Paulus. Kita tinimbalan nglajengaken dados Paulus-Paulus jaman sapunika. Punapa ingkang sampun kita lampahi? Wantun mbelani kayekten klayan sadaya resikonipun utawi pados slamet, aman lan sekecaning gesang? [BPur]
“Kita kabenerake dening Sang Kristus supaya njejegake bebener.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar