Senin, 16 Februari 2015

Cara Pasedherekan, Sanes Pangwasa



Waosan kita ing dinten menika saestu boten baen-baen, awit perikop menika minangka perangan kitab suci ingkang maringi wawasan enggal lan lebet bab kapitadosan kita. Kejawi menika waosan menika ugi nengsemaken tiyang-tiyang sanes. Presiden wiwitan kita, Sukarno klebet ingkang remen sanget kaliyan perikop menika (kersaa maos  buku Firman itu Telah Menjadi Manusia, Pdt. Ch. Abineno).
Kadospundi boten nengsemaken nalika kita nampi pawartos/ paseksi saking Yokanan, bilih Allah ingkang mahakawasa ingkang nitahaken langit lan bumi ewasemanten kersa nunggil manungsa, sami kaliyan kita? Pawartos ingkang endah menika ingkang murugaken sejarah manungsa lan donya ngalami ewah-ewahan ageng. Model sesambetan ingkang dipun proklamasikan dening Gusti Allah menika sanes model sesambetan ingkang ngegungaken pangwasa, nanging model sedherek, paseduluran/ bebrayatan. Gusti Allah manggihi manungsa boten minangka ratu agung ingkang murugakaken manungsa ajrih lan nebih; nanging rawuh manjalma sami kaliyan manungsa. Ingkang kaunggulaken ing sesambetan punika sanes pangwasa, nanging katresnan. Awit saking katresnanipun dhateng manungsa, Gusti Allah Sang Rama keraya-raya nyelaki lan nuwèni manungsa.
Wonten ingkang gadhah pamanggih bilih greja samangke langkung asring ngginakaken “kekerasan” (pengaruh kalenggahan/ jabatan/ struktural) nalika ngadhepi masalah katimbang lambaran model sedherek/ paseduluran lan katresnan. Mekaten ugi ing gesang bebrayatan. Bapa – biyung asring ngandelaken “driji ingkang tansah nuding” dhateng anak-anakipun, katimbang nyawisaken wekdal kangge nguda-rasa ing swasana ingkang sekeca. Sesambetan ingkang kita lampahi asring tebih saking tuladha ingkang sampun dipun tedahaken dening Allah Sang Rama.
Punapa kita sampun ngalami punapa ingkang dipun alami dening Yokanan, “aku wus nyawang kamulyane”? Tuladha saking Allah Sang Rama ingkang manjalma manungsa mesthinipun kita dadosaken model anggen kita sesambetan kaliyan sesami, sinten kemawon. Mangga! [-smdyn]

“Punapa ta anaking manungsa, dene Paduka engeti?”
http://www.gkjw.web.id/cara-pasedherekan-sanes-pangwasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar