Jumat, 20 Februari 2015

Pager Urip



Waosan : Titus 2: 1-15  |   Nyanyian: KPK 158: 1, 3
“Pawulangmu disalugu lan tanpa cacad, supaya wong kang nglawan dadia wirang, amarga ora ana kang tinemu kang kena digawe ngalakake marang kita.” (ay.8)
“Wis ora masuk blas, pak A mau kotbah bab tresna nganti ndakik-ndakik, ning kabeh warga ngerti yen dheweke kuwi ora sapa aruh karo adhine wis sewelas tahun”, “Wong iku gembar-gembor kerja sama, kebersamaan, gotong royong. Deloken nek kerja bakti neng greja ra tau teka babar blas”. “Mbah B wingi nasar yen mari saka larane arep sregep neng greja, ibadah patuwen, wah tibake mung lamis!” Punika komentar-komentar unik ing satengah dinamika lampah peladosan kita. Prasaja, ananging patut kangge ndadar dhiri kita sesarengan.
Mbokmenawi, kita ingkang dipun rembag dening warganing pasamuwan sasampunipun mirengaken kotbah utawi ningali lampah gesang kita! Kita ingkang kotbah tresna ananging dereng saged nindakaken tresna dhateng sedherek. Kita ingkang nasar badhe gesang kagem Gusti nanging dereng ketingal buktinipun. Kita ingkang ngoprak-oprak warga kerja bakti ananging kita piyambak mboten muncul.
Perkawis punika ugi dados jurus jitu munduripun calon Pinituwa lan Diaken ing proses dhauran. “Kula niki taksih dereng saged nata keluarga, dereng saged tresna kaliyan sedherek, dereng saged ngapura mengsah, dereng saged sregep ngibadah kok badhe nata Pasamuwan.”
Kapiji dening Gusti punika saged dados margi supados kita gesang langkung sae malih. Dados abdinipun Gusti punika ugi saged dados pager, murih kita langkung ngati-ati lan setiti nglampahi gesang. Murih antawis pamulang kita lan ugi cara gesang kita punika ketingal cundhuk. Tiyang saged ningali lan ngraosaken anggen kita saestu ngupados gesang sae. Lan pungkasanipun saged ngantebi punapa ingkang kita wulangaken. Pitakenan penting katujuaken ing dhiri kita, “Aku arep mulang bab ngapura, apa aku ya wis belajar nyepura liyan? Aku arep mulang bab andum berkah, apa aku wis isa andum berkah kanthi eklas? ” lsp.
Gusti mboten pados tiyang sampurna karana tamtu mboten wonten. Ananging Gusti remen kaliyan tiyang ingkang tansah ngupados gesang langkung sae. Purun bangun pager gesang sae, sekedhik mbaka sekedhik. [PKS]
“Mangga lelados kanthi njagi lampah gesang!”
http://www.gkjw.web.id/pager-urip

Tidak ada komentar:

Posting Komentar