Senin, 02 Februari 2015

Yehuwah Nuweni Umate



Waosan : Rut 1 : 1 – 14 / Pamuji: KPK 245 : 1 – 3
Nats:
“…yen Sang Yehuwah wus nuweni umate kalawan diparingi pangan…” (ay. 6c)
Padatan nuweni utawi tetuwi miturut GKJW mujudaken padatan ingkang prayogi katindakaken lan perlu tansah dipun uri-uri. Malah wonten ing Pranatan Jabatan-Jabatan khusus Bab II pasal 4 ayat 1b kasebataken tugas pendhita ing antawisipun: Secara teratur mengunjungi warga Jemaat di tempat kediaman dan atau tempat kerja masing-masing. Sampun tamtu ing ngriki ingkang dipun kersakaken tetuwi ingkang “empan papan, angon rasa, angon mangsa” tur kanthi tujuan ingkang leres. Warga pasamuwan umumipun remen sanget menawi dipun tuweni pandhitanipun, langkung-langkung menawi saweg ngalami karibedan ing manah, nyanggi momotaning gesang, ing wekdal-wekdal mbetahaken “dukungan” moral.
Kulawarga Elimelekh rumaos gesangipun tansah dipun tuweni dening Gusti Allah, upaminipun:
  1. Nalika tanah Israel ngalami pailan, piyambakipun saged ngungsi dhateng tanah Moab.
  2. Nalika wonten ing tanah Moab, Elimelekh seda.
  3. Ing tanah Moab,  anakipun jaler kalih (Makhlon lan Khilyon) kawin kaliyan Orpa lan Rut.
  4. Anakipun jaler kalih seda, kantun Naomi, Orpa lan Rut
  5. Tanah Israel kaparingan tedhan dening Sang Yehuwah; Naomi, Orpa lan Rut kepareng wangsul dhateng tanah Israel.
  6. Orpa wangsul dhateng negarinipun Moab, Rut kepareng tetep nggondheli Naomi.
Gusti Allah anggenipun nuweni gesangipun manungsa, boten namung lumantar bab-bab ingkang karaos mbingahaken, ananging ugi bab-bab ingkang saged ugi karaos nyisahaken lan karaos dados momotan. Mekaten cara/patrap ingkang kaagem dening Gusti anggenipun nuweni umatipun. Sedaya menika dados pratanda lan pikekah, menawi Gusti tansah nggatosaken lan nresnani umatipun. Pramila kita kaajak tansah ngalami gesang punika kanthi pitados bilih sadaya kawontenaning gesang kita, dados sarana Gusti  nuweni gesang kita. Matemah kita saged ngalami gesang menika kanthi tetep tatag, teteg, tanggon, tegen lan kebak saos sukur. (SS)
“Patuwen mbangun raketing sesambetan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar