Jumat, 30 Januari 2015

Murni



Waosan: 1 Timotius 5: 17-22    |   Pamuji: KPK 72: 1, 3.
Nats:
“…Aja katut-katut ing dosané wong liya. Awakmu jaganen supaya tansah resik.” (ay. 22)
“Esuk dhele sore tempe.” Pitembungan Jawi menika nedahaken ewah-ewahan ingkang gampil dumados. Manungsa pancen gampil sanget ewah; ewah sacara jasmani, mental lan rohani. Sampun ta manungsa, kewan lan tetuwuhan kemawon ugi gampil ewah manut papan lan kawontenanipun. Ewah-ewahan menika saged dumados saking awon dados sae, saking sae dados sae sanget, saking sae dados awon. Ewah-ewahan menika dumados karana kawontenan ing sakiwa tengenipun (saking njawi) lan ugi saking kawontenaning dhiri pribadinipun (saking lebet). Kawontenan ingkang sae mboten gampil njalari ewah-ewahan dados sae. Nanging kawontenan ingkang mboten sae (dosa) gampil sanget njalari ewah-ewahan dados mboten sae.
Karana saking menika, Paulus prelu sanget ngengetaken Timotius supados sampun ngantos katut kawontenan ingkang mboten sae (dosa). Langkung-langkung ngengeti yen Timotius nalika semanten taksih timur (muda). Nadyan wiwitanipun sae, resik lan murni, menawi mboten dipun engetaken lan mboten waspada, tiyang gampil ewah dados awon, reget lan palsu. Karana, Timotius gesang ing tengahing masyarakat lan jaman ingkang mboten sae. Timotius dipun engetaken supados sampun ngantos ewah dados awon, reget lan palsu. Ingkang menika, Timotius kadhawuhan njagi dhiri pribadinipun supados tansah resik (murni).
Pitakenanipun samangke: Kados pundi marginipun njagi dhiri pribadi supados mboten ewah dados awon, reget lan palsu? Sepisan, srana “ngresiki” kawontenan sakiwa tengenipun. Yen wonten tiyang ingkang tumindak dosa kedah dipun welehaken. Kaping kalih, tansah ngener dhateng Gusti. Enering manah kedah tumuju dhateng endah lan nikmating gesang rumaket kaliyan Gusti lan agunging sedaya kanugrahanipun Gusti. Sampun ngantos menggalih nikmating dosa lan wohipun. Pepenget menika samangke katujokaken dhateng kita. Swawi tansah waspada lan ngener dhateng Gusti. Menawi saweg wonten ing lingkungan lan swasana ingkang mboten sae kita kedah enggal-enggal enget dhateng karsananipun Gusti lan nikmating kanugrahanipun. [ST] 
“Saged mrantasi ingkang awon, badhe saged pikantuk ingkang sae.”
http://www.gkjw.web.id/murni

Tidak ada komentar:

Posting Komentar