Senin, 26 Januari 2015

Sih Rahmat Kang Luber



Waosan : I Timotius 1 : 1- 17   |   Pamuji: KPK 164
Nats:
“Malah sih-rahmate Gusti kita iku wus kaparingake marang aku nganti luber kalawan pracaya lan katresnan ing sajroning Sang Kristus Yesus.” (ayat 14)
Ing waosan kita Paulus kepingin mbereg semangatipun Timotius menggah anggenipun ngabdi lan leladi kanthi sengkut, boten pedhot-pedhot wonten ing ngarsanipun Gusti. Menika dipun lampahi kanthi pepujian mirunggan menggah pakaryanipun Sang Kristus ingkang dipun raosaken dening Paulus, ing pakaryan ngabaraken Injil. Kados ingkang kaserat ing ayat 11: “kang adhedasar Injiling Gusti Allah kang luhur lan rahayu dhewe, kaya kang kapitayakake marang aku.” Ing pengalamanipun kekristenan ingkang sami: “aku kang maune dadi ngala-ala, nganiaya lan ngrodhapeksa, nanging aku wus karentahan sih-palimirmane, awit iku kabeh daklakoni marga saka ora ngerti, yaiku jalaran ora pracaya.”
Semanten ageng sih-rahmatipun Gusti kangge Paulus ingkang swaunipun memengsahi kekristenan, nanging ingkang samenika dados rencang damelipun Gusti, ngabaraken Injil. Malah Paulus ngendika: “Gusti Yesus wus ngetingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa. Sabab, menawa ing nalikane kita isih padha dadi satru wus karukunake kalawan Gusti Allah dening sedane Kang Putra, mendahane maneh saiki sawise karukunake, mesthi kita bakal kapitulungan  rahayu awit saka gesange. Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi sansaya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi sansaya luber.”(Rum 5: 8,10,20)
Saestu luber sih-rahmatipun Gusti kangge Paulus. Menika sageda mbereg Timotius anggenipun ngabdi kanthi tumemen. Semanten ugi sih-rahmat menika ugi kaparingaken kangge kita. Amargi sih-rahmat menika kanthi luber  sampun tumrah ing gesang kita, kita kedah nglampahi pangabdi lan paladosan kados dene Paulus. Boten perlu kedah nglampahi dosa rumiyin kados pengalamanipun Paulus swaunipun. Menapa ingkang kita lampahi samenika sampun saya mantep temah pangabdi kita sansaya sampurna? [Bpur]
“Pangabdi kang becik mesthi dhedhasar sih-rahmat lan kamulyane Gusti.”
http://www.gkjw.web.id/sih-rahmat-kang-luber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar