Selasa, 20 Januari 2015

Tansah Asin !



Waosan: Markus 9:42-50.    |    Pamuji: KPK 165.
Nats:
“Uyah iku pancen gedhe paedahe, nanging manawa ilang asine, kang gawe mulihake rasane apa? Kowe padha tansah duwea uyah ana ing batinmu lan padha tansah rukuna.” (ay. 50)
Soto babat punika eca. Sop buntut punika ugi eca. Makaten ugi jangan lodeh. Sedaya masakan ingkang kita tedha ing saben dinten punika raosipun eca. Kenging punapa kok saged eca? Punapa margi saking babatipun? Punapa saking lombokipun? Pancen, babat punika eca. Nanging menawi masak soto babat tanpa sarem, punapa saged eca? Makaten ugi lodeh, menawi dipun masak tanpa sarem, punapa saged nuwuhaken raos eca?
Sarem, sinaosa ta alit tur lembut, nanging saged nuwuhaken raos eca ing ilat kita. Sekedhik kemawon, masakan saged dipun raosaken kanthi suka bingahing manah. Pramila Gusti Yesus ngagem sarem dados gambaran pigesanganing manungsa. Menawi setunggal tiyang punika saged dados sarem ingkang asin, mila saged nyekecakaken gesangipun sesarengan kaliyan sanesipun. Nanging menawi tiyang kala wau -ingkang kagambaraken sarem- ical raos asinipun, lah kados pundi caranipun mulihaken? Punika gambaran bilih sedaya kita nggadhahi potensi (kasagedan) supados nyekecakaken gesang sesarengan ing satengahing komunitas utawi masyarakat. Ananging potensi punika saged ical. Utaminipun, menawi kita dados sandhungan tumrap tiyang sanes, bokmenawi margi saking tumindak kita utawi saking pitutur kita. Umpaminipun, menawi kita njeksani tiyang sanes, kamangka dereng tamtu tiyang sanes punika lepat. Bab punika saged ngicalaken potensi kita minangka sarem ingkang migunani ing satengahing pigesangan punika. Utawi, kita remen mbeda-mbedakaken tiyang sanes: ingkang sugih kita rencangi, ananging ingkang kakirangan kita tebihi. Sedaya punika saged ngecalaken potensi kita dados sareming pigesangan.
Ing satengahing gesang sesarengan, ing patunggilan lan  masyarakat, kita dipun tetepaken dados sarem ingkang asin. Sampun ngantos raos asin kita ical, awit mboten wonten ingkang saged mulihaken menawi kita sampun kecalan raos asin kita. Ingkang dipun betahaken saking sarem punika namung sekedhik lan prasaja sanget, mboten ngedab-edabi. Mekaten ugi ingkang perlu kita tindakaken mboten kedah ingkang ngedab-edabi, ingkang prasaja ugi cekap, nanging raos asin (katresnan) kedah nyekecakaken. [Mbing]
“Sarem sekedhik kemawon, nuwuhaken raos eca.”
http://www.gkjw.web.id/tansah-asin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar