Rabu, 28 Januari 2015

Wewaton Kanggo Neter



Waosan: I Timotius 3:1-16   |  Pamuji: KPK 85
Nats:
“apa maneh sadurunge kudu iya diteter dhisik. Sawise mangkono lagi padha ditetepake ing bubuhan leladi,…” (ayat 10)
Kangge dados tiyang ingkang nggadhahi kualitas unggul, kita kedah nglangkungi proses utawi ujian. Bab punika ugi dipun rumaosi dening Ayub: “dhasar Panjenengane nguningani lakuning uripku; Manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.” (Ayub 23:10)
Mila punika Rasul Paulus mbiwarakaken piwucal ingkang wigati dhateng Timotius bilih juru pamonging pasamuwan lan juru pamulasara utawi para abdinipun Gusti sanes tiyang ingkang “waton”kemawon, ananging tiyang ingkang prayoginipun sampun kateter/ kauji gesangipun lan kagungan kualitas gesang ingkang boten gampil mupus lan namung bisa muwus utawi ‘waton muni’/caturan kemawon. Pramila boten wonten setunggal tiyang kemawon ingkang saged luput saking paneter punika. Saben-saben tiyang badhe ngadhepi panetering gesang ingkang benten-benten kadharipun. Tuladha gesang ingkang tansah kateter kados ing waosan punika: “…kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah, nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swarane batine suci.”
Inti sari saking sedaya wewaton/persyaratan kalawau inggih kasetyan. Tanpa kasetyan, menapa ingkang dados tanggel jawab lan kapracayan ingkang kaparingaken dening Gusti dhateng saben tiyang boten badhe nguwohaken asil ingkang gembel lan optimal.
Gusti ngersakaken supados kita boten mupus lan nyerah nalika kita dhumawah ing mangsa pendadaranipun Gusti punika. Kawontenan ing salebeting pendadaran lan pamerdinipun Gusti punika ingkang asring kadamel dening pangawak dursila kangge nglunturaken kasetyan kita, kados-kados si pangawak dursila matur: “kanggo apa ndadak setya barang? Percuma. Ora ana gunane kowe ngladeni Gustimu, wong uripmu ya ora binerkahan. Laramu ya durung isa waras. Luwuh becik golek pitulungan liya lan nyerah wae.” Salajengipun, kathah tiyang Kristen ingkang boten sabar lan mupus ing satengahing lelampahan. (Pong)
“Lelakon kang utama iku ora marga dalan kang kita liwati iku penak, nanging marga dalan kang kita liwati iku akeh prakara becik.”
http://www.gkjw.web.id/wewaton-kanggo-neter

Tidak ada komentar:

Posting Komentar