Selasa, 06 Januari 2015

Aja Nganti Tanpa Gawe



Waosan :  Galatia 2 : 1 – 10    |    Pamuji: KPK 127 : 1 – 3
Nats: …supaya aja nganti tanpa gawe anggonku mbudi-daya lan wus mbudi-daya (ay. 2d)

Ing salah satunggaling wekdal wonten pimpinan perusahaan ingkang ngutus bawahanipun ngrampungi satunggaling masalah, kanthi wanti-wanti: “aja nganti tanpa gawe, kudu kasil.” Ananging, sampun makaping-kaping kautus, jebul tanpa asil. Masalahipun boten saged karampungaken. Pungkasan, pimpinan perusahaan piyambak ingkang ngrampungaken, lan dhawuh: “tanpa gawe aku ngutus sampeyan, ora wurung aku kudu ngrampungi dewe.”
Dhedasar wangsit ingkang katampi, Paulus, Barnabas lan Titus tindak dhateng Yerusalem malih. Ing ngriku piyambakipun ndhawuhaken bab Injil ingkang kawartosaken dhateng para bangsa sanes Yahudi. Menika katindakaken dening Paulus supados sampun ngantos tanpa damel sedaya pambudi-daya ingkang sampun katindakaken. Awit wonten sadherek-sadherek palsu ingkang nyusup saperlu ngulat-ulataken kamardikan ingkang sampun katampi dening bangsa-bangsa sanes Yahudi.
Sareng para Rasul mirsani lan mangertosi menapa ingkang katindakaken dening Paulus, tiyang-tiyang menika mangertos bilih Paulus pinitados martosaken Injil dhateng tiyang-tiyang ingkang boten tetak, kadosdene Rasul Petrus dhateng tiyang-tiyang tetak. Paulus pitados bilih Allah ingkang sampun paring kekiyatan dhateng Petrus, ugi maringi kekiyatan dhateng piyambakipun (8). Langkung-langkung sareng mirsani sih rahmat ingkang kaparingaken dhateng Paulus, para saka guruning pasamuwan (Yakobus, Kefas lan Yokanan) salaman kaliyan Paulus, ingkang minangka pratandha patunggilan. Cetha bilih sedaya pambudi dayanipun Paulus sadangunipun menika wonten asilipun.
Kita para tiyang Kristen (sanes Yahudi), ingkang sampun nampi kamardikan wonten ing Sang Kristus, kedah saos sukur dhateng Gusti lan matur nuwun dumateng para tiyang ingkang martosaken Injil dhateng kita. Sampun ngantos kita ngremehaken sih rahmatipun Allah, matemah tanpa damel pakaryan lan pangurbananipun Gusti. Sampun ngantos wonten tiyang ingkang ngulat-ulataken kamardikan kita, matemah tanpa damel sedaya pambudi daya ingkang katindakaken dening para tiyang ingkang kaagem dening Gusti martosaken pawartos rahayu dhateng kita. Amin (SS)
“Supaya ora tanpa gawe, kudu berjuang.”
http://www.gkjw.web.id/aja-nganti-tanpa-gawe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar