Kamis, 08 Januari 2015

Gesang Ingkang Ngedalaken Woh

Waosan: Markus 6: 30-47   |  Pamuji: KPK 175: 3
Nats : “ . . . banjur padha munjuk: wonten roti gangsal lan ulam kalih” (ay. 38)

Panjenengan nate jengkel nalika siram-siram taneman ing latar? Nalika selang sampun kaarahaken dhateng taneman nanging toya boten mili. Sasampunipun Panjenengan taliti, jebul wonten selang ingkang nglempit ingkang murugaken toya boten mili. Selang ingkang dawanipun welasan meter muspra amargi wonten lempitan selang ingkang namung setunggal utawi kalih senti meter. Perangan ingkang alit sanget saged mupusaken padamelan ageng. Menawi Panjenengan boten naliti, mbokbilih wongsal-wangsul Panjenengan pijet selang kalau wau boten badhe ngedalaken toya.
Ing waosan kita dinten menika kacariyosaken wonten prekawis ageng ingkang kedah katindakaken dening Gusti Yesus lan para sekabat, nggih menika maringi dhahar 5000 tiyang. Menika saestu prekawis ingkang ageng sanget. Karana, tiyangipun maewu-ewu, mangka rotinipun namung wonten kalih. Nanging sareng roti 2 menika, nadyan sekedhik sanget, dipun pasrahaken dhateng Gusti saged ngrembaka dados kathah sanget lan nyekapi sedaya tiyang.
Kita manungsa sajatosaipun ugi kaparingan winih (potensi) ingkang ageng kangge nindakaken maneka warni prekawis. Nanging asring wonten kathah prekawis ingkang murugaken winih kalawau boten thukul amargi “tersumbat”!
Cariyos bab Gusti Yesus yasa mukjijat ndadosaken 2 roti dados kathah sanget malah wonten turahanipun 12 wakul perlu kita dadosaken inspirasi ing gesang kita. Ingkang wigatos lan saged kita conto inggih menika, mukjijat saged kadadosan amargi wonten satunggal piyantun ingkang sampun luwar saking manah ingkang kesumpel. Menapa ingkang dipun gadhahi dipun aturaken dhateng Gusti. Nalika potensi (winih raos welas asih) ingkang sampun kaparingaken dhateng manungsa menika kapasrahaken dhateng Gusti mesthi badhe ngedalaken woh ingkang ngedab-edabi.
Mangga kita titi priksa gesang kita, sinten mangertos taksih wonten “lempitan selang” ingkang murugaken kita dereng saged gesang ngedalaken woh. [_smdyn]
“Kawula kapingin gesang ingkang ngedalaken woh”
http://www.gkjw.web.id/gesang-ingkang-ngedalaken-woh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar