Kamis, 22 Januari 2015

Gunane Tentrem Rahayu lan Kaadilan



Waosan : Yesaya 60 : 1 – 17   |     Pamuji: KPK 94 : 2,3
Nats: “Ingsun bakal maringi tentrem rahayu lan kaadilan kang bakal ngayomi lan nata uripira.” (17c)

Lumantar mass media ingkang wonten, kita saged mirsani, mirengaken lan maos menapa ingkang dipun ucapaken dening Anas Urbaningrum nalika dipun adili. Piyambakipun nggadhahi pangajeng-ajeng supados estu-estu dipun adili, boten dipun jeksani utawi dipun akimi. Punapa pangajeng-ajeng menika kawujud? Mangga-mangga mawon. Ingkang cetha menawi kaadilan saestu kawujud, mesthi mbekta katentreman. Adil menggahing Gusti Allah benten sanget kaliyan pemanggih “sama rata, sama rasa”. Mekaten ugi katentreman boten ateges gesang tanpa masalah, ananging gesang kanthi saged ngrampungaken (“mengelola”) masalah ingkang wonten, matemah tetep tansah dados berkah. Salajengipun kadhawuhaken: katentreman lan kaadilan menika ingkang badhe ngayomi lan nata gesangipun manungsa.
Menapa manungsa kanthi kekiyatanipun saged mbudi-daya wontenipun katentreman lan kaadilan? Waosan kita paring pitedah, Gusti pribadi ingkang badhe makarya ngowahi kawontenaning gesangipun manungsa ingkang sepi katentreman lan kaadilan dados gesang ingkang kebak katentreman lan kaadilan. Kadhawuhaken: “Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal, disengiti, lan ora ditekani ing wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-tumurun. Sira bakal nesep susuning para bangsa lan bakal ngombe susuning krajan-krajan. Minangka gentining tembaga Ingsun bakal maringi emas, wesi Sunlironi salaka, kayu Sunlironi tembaga, tuwin watu Sunlironi wesi. Ingsun bakal maringi tentrem rahayu lan kaadilan.” (15-17) Sedaya menika katindakaken dening Gusti Allah, supados Sion/ manungsa sumerep bilih: “Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira, lan Panebusira, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Yakub.”
Kados ingkang katindakaken dening Gusti Allah dhateng Sion, inggih mekaten ingkang katindakaken dening Gusti Allah kangge kita sami. Gusti mesthi badhe ngowahi gesang kita ingkang sepi ing katentreman lan kaadilan, dados gesang ingkang tansah kebak ing katentreman lan kaadilan. Gusti ingkang badhe maringi katentreman lan kaadilan dhateng kita. Lan inggih katentreman lan kaadilan menika ingkang badhe ngayomi lan nata gesang kita. Amin (SS)
“Ing ngendi ana kaadilan, ing kono ana katentreman.”
http://www.gkjw.web.id/gunane-tentrem-rahayu-lan-kaadilan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar