Rabu, 18 Februari 2015

Woles Ae Bro…!


Waosan: 2 Korintus 5:20-6:2    |   Pamuji: KPK 137
“atas asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.” (ayat 20)
Tembung ‘woles’, nalika nembe kondhang kula boten mangertos tegesipun. Ing sajroning batos kula taken dhateng dhiri kula pribadi “apa ta kuwi maksude woles?” Supados radi ketingal ‘gaul’ kula taken dhateng salah satunggiling lare anem ingkang taksih kelas 3 SMA mekaten:
Kula       :  “le, apa kuwi tegese woles?”
Pemuda:  “selow, selow pak, diwaos slow alias santai, sampun kesusu ngaten lho pak!”
Kula       :  “Wee lah,… jebul amung diwalik ngono ta?”
Saking tembung ‘woles’ samangke limrah ukara “woles ae bro,…” ateges “santai ae mas!”. Manungsa pancen boten kenging terus-terusan ngangsa, terus-terusan nepsu, terus gumunggung lan njeksani liyan, boten kenging terus-terusan muring-muring krana kita punika A-W-U.
Awu mralambangaken patangisan, karingkihan, ugi pamratobat. Awu kaginakaken kangge mratandhani mangsa Prapaskah, mangsa pacawisan sadangunipun 40 dinten mapag Paskah. Awu utawi lebu punika kaidak-idak, boten aji, kabur-kanginan, boten piguna. Nanging awu/ lebu ugi saged kaproses dados rabuk. Rabuk nuwuhaken gesang, siti ingkang karabuk dados gemah ripah loh jinawi, ndadosaken tetaneman tuwuh lan ngedalaken woh.
Miwiti mangsa Paskah kita kaproses dening Gusti. Paulus ngersakaken kita karukunaken kaliyan Gusti Allah. Pamerdinipun Gusti Allah punika ndhatengaken gesang. Manungsa ingkang dosa, winates lan ringkih kadunungaken ing kayektenipun Gusti (ayat 21). Kayektenipun Gusti menawi kita tampeni linambaran manah ingkang tinarbuka lan pamratobating gesang nuwuhaken sih-rahmat. Menawi kita kanthi tinarbukaning manah saha pamratobat, kayekten lan sih-rahmat boten badhe muspra (ayat 22).
Gusti sampun sedya paring pitulungan, miyarsakaken kita. Sampun pantes kita ngengeti bab sih-rahmatipun Gusti. Dadosa dinten ingkang ngremenaken, awit kita kaengetaken, Gusti ngasta karahayon. Wangsul malih dhateng panjenengan, dados awu kemawon punapa kepengin dados rabuk? Sumangga, woles kemawon…(Pong)
“Wong wicaksana iku seneng ing omah kang lagi prihatin,
nanging wong bodho seneng ana ing gedhong kesenengan”
(Kohelet 7:4)
http://www.gkjw.web.id/woles-ae-bro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar