Rabu, 04 Februari 2015

Sanes “Akibat” Nanging “Sebab”



Waosan: Matius 5: 21-26    |    Pamuji: KPK 193: 3
Nats:
“ . . . sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum” (ay. 22)
Sampun sawetawis wulan kula jengkel, awit bak jedhing cepet sanget telas toyanipun sanadyan boten kaginakaken. Panggenan-panggenan ingkang ketingal radi longgar (retak) sampun kula tutup mawi lem ingkang tahan toya. Rumaos kula, kula sampun tliti lan wetah anggen kula ngelém sedaya panggenan ingkang longgar, nanging nyatanipun bak taksih cepet telas toyanipun, ateges taksih bocor.
Kula nembe mudheng, nalika tukang bangunan cariyos bilih bak jedhing ingkang toyanipun cepet telas menika ateges wonten ingkang bocor, lan panggenan bocoripun asring boten saged katingal saking njawi, awit alit sanget. Mila kedah pun bongkar!
Mekaten ugi ingkang saweg dipun alami dening bangsa/ masyarakat kita. Sampun pinten kemawon ingkang sampun dipun kunjara awit tumindak korupsi. Malah wonten ingkang dipun ukum ngantos welasan tahun ing pakunjaran, nanging nyatanipun tumindak korupsi boten suda. Meh saben dinten kita dipun “sugata dhaharan korupsi” dening TV utawi koran. Malah wonten ingkang gadhah pamanggih bilih korupsi punika sampun dados kabudayan masyarakat kita. We, lha, cilaka!
Nyepeng lan ngunjara koruptor punika sae, nanging dereng cekap babar pisan! Kenging punapa? Awit menawi namung nyepeng lan ngunjara, punika kadosdene ingkang kula lampahi wongsal-wangsul nambal bak jedhing. Ingkang kedah dipun tengenaken inggih punika madosi lan mrantasi tuking korupsi, inggih punika bab mental!
Inggih mekaten ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus. Boten namung nyolong utawi mateni punika dosa, nanging ugi sinten ingkang nepsu marang sadulur ugi klebet dosa! Kenging punapa? Awit Gusti Yesus ngersakaken WINIH/ niat INGKANG MURUGAKEN TUMINDAK AWON kedah dipun “waspadai”. Boten namun tumindakipun kemawon ingkang penting dipun dandosi. Ingkang langkung wigatos nggih punika ndandosi mental, jiwa. yen jiwanipun sae tumindakipun ugi badhe dados sae. Mencegah langkung sae katimbang mrantasi. Mangga kita praktekaken. [_smdyn]
“Ora butuh apa-apa, butuhku mung mbangun jiwa.”
http://www.gkjw.web.id/sanes-akibat-nanging-sebab

Tidak ada komentar:

Posting Komentar