Selasa, 10 Februari 2015

Sugih Bandha Swarga = Sugih Kabecikan



Waosan: Matius 6:16-24    |   Pamuji: KPK 137
Nats:
“Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, …” (Ayat. 19)
Sinten tiyang paling sugih sajagad samangke? Tahun 2014 versi wacan/majalah Forbes inggih punika Bill Gates, ingkang mandhegani lan nggadhahi usaha Microsoft. Nalika naliti, Forbes ngimpun data lan bukti asset pribadi, saham, real estate, kapal pesiar, karya seni lan arta. Pinten kasugihanipun Bill Gates menawi dipun etang? US$ 76 Miliar. Saupami 1 US$ = Rp. 10.000 kemawon, ateges kasugihanipun Bill Gates punika gunggung 10.000 x 76.000.000.000 = Rp. 760.000.000.000.000 utawi kirang langkung 760 Triliun. Wow,… saupami dipun tumbasaken dhawet, kathah pulau ingkang klelep…
Gusti dhawuh: aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; … (ayat 19).Kangge tiyang Timur Tengah ageman ingkang endah kanthi maneka warni reronce lan awis reginipun dados pratandha kasugihan. Ugi simpenan gandum ingkang sagunung ing lumbung ugi mratandhani kasugihan. Nanging, kasugihan kalawau saged kemawon gusis ditedha tikus lan uler lan boten langgeng. Bandha donya kasugihan kalawau gampil dipun colong, krana tembok griya ing Palestina dipun adegaken saking lemah lempung ingkang dipun obong, lan gampil dipun bongkar dening pandung/maling.
Gusti Yesus ngengetaken supados kita boten namung seser pados kasugihan lair, awit nalika kasimpen, renget lan taiyeng badhe ngrisak murih bandha donya kasugihan kalawau boten wonten ajinipun malih.
Gusti Yesus ngengetaken supados waspada bab nikmating ndonya ingkang boten langgeng. Gusti ngersakaken: “…nglumpukna bandha ing swarga,…” Miturut tiyang Yahudi, bandha donya punika arupi panggawe becik ingkang boten saged ical, wantek ing sadhengah kawontenan jaman. Asring kita meres tenaga lan kakiyatan ugi uber-uberan kaliyan wekdal lan mangsa, mbujeng bandha donya. Kamangka kita sumerep sedaya kalawau badhe ical babar pisan sareng kaliyan nalika kita pejah. (Pong)
“Raos cekap ndadosaken tiyang miskin dados sugih,
Nanging raos boten cekap ndadosaken tiyang sugih dados miskin” (B. Franklin)
http://www.gkjw.web.id/sugih-bandha-swarga-sugih-kabecikan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar