Waosan : Para Rasul 21:
15-26.
Pamuji: KPK 104
Nats : “Ésuké Rasul Paulus nuli ngajak wong papat mau, lan sawisé nindakaké sesuci bebarengan, miturut tata-carané wong Yahudi, banjur padha mlebu ing Pedalemané Allah.” (Ayat 26)
Pamuji: KPK 104
Nats : “Ésuké Rasul Paulus nuli ngajak wong papat mau, lan sawisé nindakaké sesuci bebarengan, miturut tata-carané wong Yahudi, banjur padha mlebu ing Pedalemané Allah.” (Ayat 26)
Samenika
kathah tiyang ingkang gampil boten trima dipun fitnah dening tiyang sanes,
lajeng lapuran dhateng Kantor Polisi kasus pencemaran nama baik.
Bab menika dumados mliginipun ing babagan politik ing antawisipun para
pengagenging bangsa menika. Pramila lajeng para kawula (rakyat) kathah ingkang
ketularan, lajeng gampil bentrok kaliyan tetangginipun.
Rasul Paulus nalika semanten ugi dipun fitnah dening tiyang
kathah bilih panjenenganipun nglawan lan nerak kitab Toret. Awit saking
menika lajeng Rasul Paulus dipun prayogekaken nindakaken sesuci ing Pedaleman
Suci. Tanpa mbelani dhiri Rasul Paulus lajeng manut, kersa nindakaken pamrayogi
sesuci menika. Sesuci menika katindakaken dening Rasul Paulus menika boten
karana ngakeni bilih panjenenganipun pancen yektos sampun nglawan lan nerak
kitab Toret, kados pandakwa utawi fitnah kalawau. Pamrayogi sesuci menika
katindakaken murih karukunan lan katentremaning tiyang kathah. Menika
katindakaken karana rumaos panjenenganipun dipun anggep lepat, nadyan boten
saestu lepat.
Mbokmenawi
panjenengan nate ugi dipun fitnah, dipun anggep utawi kadakwa lepat dening
tiyang sanes. Kados pundi raosing manah panjenengan? Mbokmenawi rumaos
ngigit-igit, kepingin nesu, boten trima. Yen mekaten, menika limrah, manusiawi.
Nanging, para kinasih, yen ngantos kita nuruti kebrananging manah ngantos nesu,
yatroni, agengipun nglabrak, karukunan lan katentreman badhe nebih saking
gesang bebrayan kita.
Langkung prayogi nyuwun ngapunten karana kaanggep lepat,
katimbang ngekahi raos leres lajeng nesu. Kita prelu sinau nrima dipun anggep
lepat dening tiyang sanes. Dipun anggep lepat dening tiyang sanes, nggih
kersane, ingkang baken Gusti mirsani ingkang sayektosipun. Kita prelu sinau
nyuwun ngapunten, nadyan boten rumaos lepat, nanging karana kaanggep lepat.
Namung srana nyuwun ngapunten lan ingapunten karukunan lan katentreman badhe
dumados. [ST]
“Kita
ingapunten dening Gusti, supados kita ugi purun ngapunten tiyang sanes.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar