Minggu, 28 Juli 2013

Kasetyan Dhateng Brayat


Waosan : Hosea 1 : 2 – 10. 
Pamuji : 
KPK 300
Nats : “Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi dhemi Sang Yehuwah Allahe.” (ayat 7)
Tiyang ingkang gesang bebrayatan nggadahi pengajeng-ajeng supados brayatipun pinaringan karukunan, kaayeman, lan katentreman. Kawiwitan saking prajanji nalika daup suci, kita janji setya tuhu dhateng semah kita selamining gesang. Janji  punika mawujud wonten raos katresnan dhateng semah, tanggel jawab tumrap brayat, saha setya tuhu ing kahanan bingah lan sisah. Kasunyatanipun tiyang bebrayatan punika ngadhepi warni-warni panggodha lan pacoben, sae saking lebet ugi sajawining brayat. Yen kita kirang ngatos-atos asring wonten pasulayan ing antawisipun tiyang jaler lan estri ingkang ndadosaken brayat punika bubrah.
Nabi Hosea dipun timbali dening Gusti kangge ngengetaken bab tumindak gesangipun bangsa Israel ingkang sampun boten setya dhateng Gusti Allah. Brayatipun nabi Hosea piyambak dados gambaran tumrap bangsa Israel ingkang nyimpang saking kasetyan. Hosea dipun dhawuhi supados mendhet tiyang estri, Gomer, wanita tuna susila dados semahipun. Punika dados gegambaran kados pundi anggenipun Gusti Allah tetep nresnani dhateng bangsa Israel senajan sampun boten setya dhateng Allah. Mekaten nami putra putrinipun Hosea dados gambaran awoning tumindakipun bangsa Israel. Bangsa Israel langkung remen nyembah dewa-dewa Kanaan tinimbang dhateng Gusti Allah.
Brayat punika berkah peparingipun Gusti ingkang luhur kangge kita. Kedahipun tansah kita jagi, kita rimati kanthi saestu. Kasetyan kita dhateng brayat nedahaken kasetyan kita dhateng Gusti Allah. Karana saking punika lampahing brayat kita punika mangga kita lampahi kanthi manut dhateng Gusti Allah. Kita nyuwun supados dipun paringi kawicaksanan kangge nindakaken gesang bebrayatan ingkang sae lan migunani kagem pakaryanipun Gusti dan sesami. Mekaten bilih wonten benten pemanggih antawisipun tiyang jaler lan estri, sedaya saged karampungaken ing pitulunganipun Gusti. Mangga kita sami mbangun brayat kanthi dhasar kasetyan lan katresnan dhateng Gusti Allah lan sesami. Amin. (AR)
“Kasetyan dados pawitan kabegjan lan katentreman.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar