Senin, 22 Juli 2013

Yakin

Waosan: Mateus 9: 18-26.     
Pamuji:
 KPK 74
Nats : “Angger aku bisa ndemèk jubahé waé, aku mesthi mari.” (ay 21)
Miturut hypno therapi keyakinan dados kunci kesarasan lan kekiyatan. Hypno therapi boten cengkah kaliyan piwucalipun Gusti Yesus. Lah menika ingkang dipun alami dening wanita ingkang sakit nggrajag getih ing waosan kita menika. Piyambakipun yakin bilih awit saking paguwasanipun Gusti Yesus ingkang linangkung“aku mesthi mari, angger aku bisa ndemèk jubahé waé.” Lajeng Gusti Yesus ngandika: “Pangandelmu(keyakinanmu) sing marasake kowe!” Menika saged kelampahan ugi dhateng kula lan panjenengan.
Wulan Juli 2011 kepengker liver kula kimat sakit malih. Kathah tiyang kalebet dokter paring pitedah bilih kula kedah ngaso (tilem) cekap, boten pareng mikir awrat lan melekan ngantos dalu. Yen pitedah menika dipun terak, mesthi sakit malih. Lan pancen leres mekaten.
Nanging satunggaling dalu kula sisah lan bingung karana boten saged tilem ngantos meh parak enjang awit ramening suwasana pasa-an (Ramadhan). Ingkang kula bingungaken, karana mbenjang enjangipun kula kedah nyopir tebih (7 jam). Lajeng manah kula mosik mekaten: “Aku wis ndedonga. Gusti mesthi pirsa yen aku saiki ora bisa turu. Ya wis, ora apa-apa ora bisa turu. Karana panguwasane Gusti, aku yakin sesuk  mesthi sehat masiya aku saiki ora bisa turu.” Sasampunipun tilem kirang langkung 2 jam, kula tangi lan sehat, saged nyopir 7 jam ngandos dumugi papan tetep sehat. Nalika criyos dhateng juru hypno therapi, piyambakipun wangsulan: “Lha nggih niku naminipun hypno therapi.”
Kulinanipun kita mosik: “Yen aku …, aku mengko bakal …(lara, lemes, …).” Samangke mangga latihan menika dipun owahi mekaten: “Nadyan / masiya … (mumet, mules,…), aku bakal … (apik, waras, sehat…).” Dados menika cocok kaliyan piwucal Jawi “nrima lan pasrah”, lajeng dipun tambahi “pracaya.” Nrima: “Ya wis ora apa-apa saiki aku mumet (upaminipun)”, pasrah: “Gusti mesthi mirsani,” pracaya: “karana panguwasane Gusti, aku bakal apik-apik wae (waras).” Menika kedah dipun latih wongsal-wangsul, karana kathah godhanipun. [ST]
“Keyakinan kang teguh bisa mindhahake gunung.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar