Jumat, 26 Juli 2013

Menapa Estu Ringkih ?

Waosan: Mateus 10:16-23. 
Pamuji : 
KPK 223
Nats : “Padha gatèkna: Kowé padha Dakutus kaya wedhus ana ing antarané asu ajag. Mulané sing ngati-ati kaya ula, lan sing barès atimu kaya manuk dara.” (ayat 16)
Salah setunggaling lakon wayang kulit remenan kula ingkang saget kapethik filosifinipun manut iman Kekristenan inggih menika lakon Dewa Ruci. Lampahan menika nyariosaken rikala R. Bratasena kadhawuhan gurunipun, Bgw. Druna, ngupadi toya Pawitra Mahening Suci ing gunung Reksamuka. Episodeingkang sanget wigatos nalika Bratasena pamitan dhateng Dewi Kunthi ibunipun, badhe mlebet samudra minangkalbu. Ing mriku Dw Kunthi mboten paring palilah, menggak supados mboten dipun tindakaken dhawuhing gurunipun menika. Dw. Kunthi sampun mangertos bilih Bratasena menika dipun lorobaken, dipun ajab pejahipun dening Kurawa lumantar Resi Druna. Nanging awit saking kandeling tekat lan kencenging iman papitadosanipun Bratasena mboten saged dipun pambengi. Ringkesing cariyos, wusana saged pepanggihan kaliyan Dewa Ruci.
Kita saged sinau perkawis kandeling tekat lan kandeling iman kapitadosanipun Bratasena, nadyan miturut nalar kamanungsan minggah Gunung Reksamuka, mlebet Wana Tribasara menapa malih slulup telenging Samudra Minangkalbu menika mesti dados pejah. Nanging kasunyatan Bratasena mboten pejah malah saged kepanggih Dewa Ruci. Manawi kita ngendelaken kekiyataning daging inggih kados dene menda mapan ing satengahing asu ajag. Mesthi badhe dados mangsanipun asu ajag. Nanging manawi kita kumandel ing iman kapitadosan mesthi lestantun kadosdene Bratasena ingkang malah saged kabaptispinanggih Gusti Allah piyambak.
Mugi waosan kita dinten menika ngatag manah kita supados mboten ngendelaken kekiyataning daging manungsa. Awit daging estu ringkih. Nanging ngatebana kapitadosan dhateng Gusti Yesus Sang Guru Sejati, awit manawi kita ngandelaken iman saestu mboten ringkih. Supados kita, sinaosa ing sakupenging pambengan lan reribed kados dese ing satengahing asu ajag, kita tetep lestantun. Ingkang nylametaken kita namung kandeling iman kita dhateng Gusti Yesus. [HS]
“Daging ringkih, iman kiyat.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar