Waosan: Para Rasul 18: 12-28.
Pamuji: KPK 190
Pamuji: KPK 190
Wonten ing pigesangan kita padintenan wonten
kalih prekawis ingkang saged namtokaken lampahing gesang kita i.p.: karsanipun
Allah lan pikajeng kita manungsa. Kasunyatan nedahaken manungsa langkung
nengenaken punapa ingkang dados pikajengipun piyambak lan asring mboten maelu
dhateng karsanipun Allah. Gesang miturut pikajengipun manungsa mesthi anjog
dhateng karisakan lan gesangipun mboten dados berkah. Kosokwangsulipun gesang
miturut karsanipun Allah, mesthi tumuju dhateng karaharjan lan gesangipun dados
berkah tumraping sesami.
Wonten ing waosan kita punika kita sami maos
kados pundi Rasul Paulus lan Apollos, anggenipun sami gesang nengenaken
karsanipun Allah lan punapa kemawon berkah ingkang katampi. Ing ayat 21 Paulus
ngendika: “Kula badhe mriki malih, menawi Gusti Allah ngersakaken.” Paulus lan
Apolos nindakaken sedaya pakaryanipun namung sumendhe lan manut tuwin
adhedhasar karsanipun Allah. Sedaya pakaryan ingkang katindakaken ngemu tujuan
nyantosakaken manahipun para pitados lan nelakaken bilih Gusti Yesus punika
Sang Mesih.
Kebabaring pakaryan ingkang mekaten punika
ingkang mbekta berkah:
1.
Paulus kaluwaran
saking pangancamipun tiyang Yahudi lumantar Gubernur Galio.
2.
Tiyang-tiyang ingkang
midhangetaken piwucalipun Paulus sami remen.
3.
Apolos, awit saking
sih rahmatipun Gusti, dados tiyang ingkang estu migunani tumraping para tiyang
pitados.
Punapa ingkang katampi lan karaosaken dening
Paulus lan Apolos saged kemawon kelampahan tumrap kita sedaya, menawi kita sami
tumindak miturut karsanipun Allah lan mboten namung nggega pikajeng kita
piyambak. Mangga sami sinau mbangun turut dhateng karsanipun Allah, supados
gesang kita saged katampi lan dados berkah tumraping sesami. [SS]
“Nuruti karepe dhewe
cepak rekasane, manut pangerehe Gusti luber berkahe.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar