Rabu, 04 Desember 2013

Bungah Marga Wong Liya Bungah



Waosan : 1 Tesalonika 2 : 13 – 20
Pamuji : KPK  312 : 1 – 4
Nats : “Sanyata kowe iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabeh” [ayat 20]
Aku bungah, yen kowe kabeh padha mulya lan bungah!‘ Punika sikap ingkang sae lan luhur. Kula anggep sae lan luhur sebab ing jaman samangke langkung kathah tiyang ingkang migatosaken kamulyan lan kabingahanipun piyambak katimbang kamulyan lan kabingahaning sesaminipun! Ewasemanten, kangge mujudaken sikap punika wonten maneka warni panggodha ingkang badhe kita adhepi, sae panggodha saking lebet (dhirinipun tiyang ingkang nggadhahi sikap: raos owel lan mangu-mangu), mekaten ugi panggodha saking njawi (sesami/lingkungan: moyoki, dipun anggep aneh, lsp). Pancen, gangguan-gangguan (kritik) saged murungaken cita-cita sae lan luhur, ananging kita sampun ngantos kalah. Sebab, pakaryanipun Allah wonten ing Gusti Yesus Kristus kedah karampungaken tuntas kangge katentreman lan karahayoning sadaya umat manungsa.
Kenging punapa tiyang Yahudi koq tega milara lan nganiaya dhateng tiyang ingkang manjing pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus lan malah nyedani Panjenenganipun? Sebab:
  •  Para pemimpin Yahudi nganggep bilih keKristenan punika bidhat (piwulang nasar).
  •  Gusti Yesus kaanggep minangka nabi palsu lan sami mboten kepengin piwulangipun saya ngrembaka lan berpengaruh.
  •  Para pemimpin Yahudi ajrih menawi kathah tiyang manjing dados kristen lajeng pengaruh lan posisinipu dados tansaya kirang kiyat.
  •  Tiyang Yahudi rumaos ‘superior’ (kiyat sanget), bangga gadhah kalenggahan khusus minangka umat pilihanipun Gusti Allah. Pramila mboten remen yen wonten tiyang sanes dados warga kelompok ingkang kaanggep dados tandhinganipun.
Ganjaran paling endah kangge Paulus sanes arta, prestise (pakurmatan), utawi popularitas (kondhanging asma). Ananging inggih punika yen tiyang sanes ngalami owah-owahing gesang lan tujuwan gesangipun dening Allah lantaran Injilipun temah dados mulya lan bingah. Amin. [Esha]
“Kabungahan sejati yaiku amarga wong liya bungah”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar