Rabu, 18 Desember 2013

Kapitadosan Meniko Boten Namung Ing Tutuk



Waosan : Lukas  7 : 19 – 23
Pamuji : KPK 193
Nats : “Lan rahayu wong kang ora kacuwan ing bab Aku”

Pak Dadap nuweni salah satunggaling warga marenca, keluarga Pak Damar. Brayat menika piyambakan minangka keluarga Kristen ing dhusunipun. Sampun asring sanget brayat menika nampi “teror” arupi pitakenan-pitakenan bab kapitadosan. Pak Dadap rumaos pikantuk wewengan nalika Pak Damar cariyos kadospundi anggenipun piyambakipun “nyekak” nalika tangginipun taken piyambakipun, “Gusti Allahmu rak telu, piye anggonmu nyembah?” Nampi pitakenan ingkang kados mekaten Pak Damar paring wangsulan,
“Njenengan ngertos raosing madu?”
Tanggi:  “Ngertos”
Pak Damar:  “Pripun raose?”
Tanggi: “Manis”
Pak Damar, “Nggih mekaten kapitadosan kula, manis. Mangga menawi badhe nyobi”
Sasampunipun dipun wangsuli kados mekaten, mboten wonten malih ingkang neka-neka taken bab agami dhateng Pak Dadap.

Nabi Yokanan ing manah kados dereng cetha bab Sang Mesih, mila ngutus muridipun supados manggihi Yesus. Lan nalika utusan kalawau pinanggih kaliyan Yesus, mboten kathah ingkang dipun ngendikakaken dening Yesus kejawi sami katuran niteni bab pakaryanipun ing satengahing masyarakat (“…Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha mlaku….”). Kapitadosan menika nyatunggil kaliyan praktek gesang padintenan. Kadosdene Pak Dadap ingkang kapitadosanipun sanes ing teori, nanging temen-temen dipun alami ing gesang padintenan.
Lajeng, menapa ingkang dados tetenger bilih kita menika tiyang Kristen? Kalungan salib? Utawi ngobral tembung “Puji Gusti, haleluya?” Mboten perlu mekaten, nanging mangga kita nengenaken tumindak sae ingkang tulus dhateng sintena kemawon. [smdyn]
“Raos lan paedahipun kapitadosan Kristen menika manis lan sae kados madu.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar