Pamuji : KPK 163
Nats : “Asu mbalèni utah-utahané, sarta babi kang wis diedusi bali menèh menyang combéran.” [ayat 22]
Punika dados gegambaran tiyang ingkang sampun nyumurupi margining kayekten/kaleresan, ananging lajeng nilar pepaken suci ingkang sampun kadhawuhaken dhateng tiyang punika. Tiyang ingkang sampun wanuh dhateng Gusti Yesus, Juru Wilujeng, sampun ngrucat jejembering dosa, nanging lajeng kapencut dhumawah ing ngriku malih. Tiyang ingkang mekaten punika awonipun nglangkungi saderengipun.
Srana gegambaran punika Gusti ngersakaken supados kula lan panjenengan tetep dumunung wonten ing pangreh lan pangrengkuhipun Gusti: wewengkoning gesang enggal, ing wewengkon kawilujengan peparingipun Gusti. Pancen marupi-rupi kawontenan ingkang saged kemawon murugaken kita dhumawah malih wonten ing pangrehing gesang lami. Saged karana kecuwan kaliyan sesami warga pasamuwan, utawi kaliyan para peladosing pasamuwan, saged ugi rumaos mboten kagatosaken, mboten nampi peladosan kanthi samestenipun, punapa ingkang kaajeng-ajeng mboten kadumugen, lsp.
Gegayutan kaliyan punika Gusti dhawuh lumantar Yakobus 2:1, supados anggen kita pitados dhateng Gusti, namunga mandeng dhateng Panjenenganipun, lan sampun ngantos nyawang dhateng tiyang. Awit menawi mekaten saged kemawon kita lajeng kecuwan, kegelan, rumaos getun dados tiyang Kristen, lajeng tumoleh malih wangsul dhateng tataning gesang saderengipun. Nilar kayekten, lajeng gesang blasar lan nyasar. Kadosdene babi wangsul dhateng pagupakanipun, asu ingkang mbaleni utah-utahanipun. Kula pitados bilih kita sedaya mboten badhe tumindak ingkang mekaten, ananging tansah tetep mantep dhateng Gusti. Awit namung tiyang ingkang tetep mantep dumugi wekasan, ingkang bade nampeni karahayon (Mat 24:13). Gusti dhawuh: “Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumoleh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah”. Amin.[SS]
“Mbaleni kaluputan kang wus kawuri, bakal saya rusak.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar