Kamis, 12 Desember 2013

Ora Gampang Kapusan



Waosan :  2 Tesalonika  2 : 1 – 12
Pamuji  :  KPK 143 : 1, 3
Nats : “Kowe aja nganti padha disasarake dening wong kalawan patrap kapriye bae!” [ayat 3]

Kula nate nampi sms ingkang isinipun kula menang undian ingkang hadiahipun mobil. Ing pemanggih kula sms punika namung apus-apus kemawon. Karana kula boten nate ngirim kupon undian. Ingkang kaping kalihipun, kula ugi nate nampi sms ingkang isinipun nyuwun dipun kirimi pulsa kangge bapak ingkang wonten kaperluan ing griya sakit. Bab punika langsung saged kula tebak bilih punika goroh. Awit bapak kula sampun tilar donya. Gesang ing jaman samangke kita kedah ngatos-atos, yen kirang waspada kita bakal kapusan.
Rasul Paulus nulis serat dhateng pasamuwan Tesalonika saperlu ngengetaken warganing pasamuwan supados ngatos-atos bilih mireng pawartos bab dinten rawuhipun Gusti Yesus. Sampun ngantos bingung lan kuwatos yen wonten wangsiting roh utawi serat ingkang dipun saking saking Rasul. Rasul Paulus maringi gambaran bilih saderengipun Gusti Yesus rawuh, bakal wonten titi wancinipun para pamurtad, manungsa duraka, para tiyang ngegungaken diri ing tengahing manungsa. Tiyang-tiyang punika badhe nindakaken pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat palsu ugi sawernining reka daya supados kathah tiyang ingkang pracaya ugi tumut piyambakipun. Nanging ing pungkasanipun tiyang-tiyang punika bakal sirna karana kuwaosipun Gusti Yesus.
Menawi kita gatosaken ing satengah-tengahing gesang punika, kathah piwucal ingkang martosaken bab dinten rawuhipun Gusti Yesus sampun celak. Kathah kegiatan rohani ingkang dipun sarengi sarana pratandha mukjijat-mukjijat ingkang kadhasaran asmanipun Gusti Yesus. Boten lepat, nanging pitakenanipun punapa piwucal lan kegiatan rohani punika ndadosaken tentrem ing manah? Utawi malah nuwuhaken kasombongan pribadi? Kita kedah waspada! Sampun ngantos kita kapusan nalika mirengaken lan tumut kegiatan punika. Mangga kita nyuwun kawicaksanan dhateng Gusti Yesus, supados kita saged mbentenaken pundi ingkang nyata-nyata saking Gusti Allah lan pundi ingkang ngaku-ngaku saking Gusti Allah. Mugi kita boten gampang kapusan. Amin. [AR]
“Tiyang ingkang rumaket kaliyan Gusti Yesus boten gampil kapusan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar