Selasa, 10 Desember 2013

Nggoleki Wedhus Ilang



Waosan :  Matius 18 : 12  14
Pamuji : KPK 12 : 1, 4, 5
“ … Menawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sing ora ketriwal.” [ayat 13]

Rikala kula taksih gesang ing padesan, nate dados pangen kebo. Ing wekdal kebo kula engen, salah setunggalipun kebo kula  ical, raos kula boten kantenan, kuwatos kebo kalawau ngrisak tanemanipun tiyang, utawi kebo kalawau cilaka, saha perasaan ingkang sanesipun campur adhuk. Sasampunipun pinanggih kula remen sanget.
Ing waosan kita kacariyosaken bilih wonten tiyang ingkang kagungan menda satus, lajeng ketriwal setunggal, lan mesthinipun nilar ingkang sangang dasa sanga lajeng madosi menda setunggal ingkang ketriwal. Sasampunipun pinaggih kabingahanipun tumrap menda setunggal punika nglangkungi sangang dasa sanga ingkang boten ketriwal.
Perkawis punika nelakaken bilih Gusti nggatosaken saben tiyang, sinaosa namung setunggal. Boten wonten ingkang dipun anggep remeh, nadyan alit, awon lan nakal. Sadaya, setunggal bka setunggal, sami wigatosipun. Ing ngriki para pangen menda-mendanipun Gusti dipun engetaken bilih pangrimatan kangge sadaya umat setunggal baka setunggal. Sampun ngantos wonten ingkang ical. Punika temtu tanggel jawabipun sedaya tiyang ingkang pitados ing Gusti Yesus.
Para pangen punika boten pareng wegah madosi menda ingkang ketriwal, sinaosa menda punika namung setunggal. Krana wonten kabingahan ageng ing antawisipun malaekat ing swarga menawi wonten setunggal tiyang ingkang mertobat lan boten ketriwal malih. Gusti punika Pangen ingkang utami. Gusti niteni kawontenaning sadaya mendanipun setunggal baka setunggal. Ugi menawi menda punika ketriwal saking menda sanesipun. Kita ugi kaagem dening Gusti dados pangon menda-menda sanesipun. Gusti ngersakaken kita ugi purun madosi sedherek kita lan sintena kemawon ingkang ketriwal. Supados menda ingkang ketriwal purun wangsul, kita kedah ngajak kanthi alus lan kebak katresnan. Amin. [BPur]
“Wedhus kang ketriwal kudu cedhaki srana alusing budi lan katresnan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar