Jumat, 06 Desember 2013

Tepang Sanget Gusti



Waosan  :  Matius 16 : 15 – 20
Pamuji : KPK 51
Nats : Sawisé kuwi Gusti
Yésus banjur dhawuh marang para muridé, supaya aja kandha-kandha marang sapa waé, yèn Panjenengané kuwi Sang Kristus. [ayat 20]

Setunggaling bapak mundhut pirsa dhateng putranipun umur 7 tahun: “Jarene wong-wong sapa ta bapak iki?” Lare alit mangsuli “Wonten ingkang  mastani bapak niku dosen, wonten ingkang mastani bapak niku dalang, pak RT, sekretaris Greja, ketua sanggar,pelatih Futsal, wonten malih ingkang nimbali Mas Ngabei Hery.” Bapak kalawau mundhut pirsa malih:”Lha yen manut kowe Le, sapa bapak iki?” Lare menika bingah nyebat”Ya bapakku ta..” Lare alit meniko kenal estu dhateng bapakipun awit raket sacara pribadi katimbang tiyang sanes.
Nalika wonten ing Kaisarea Fillipi, Gusti Yesus mboten kanyana-nyana ndangu dhateng para siswa, “mungguh panemune wong-wong  sapa ta Putraning Manungsa iku?” Para siswa matur bilih tiyang sanes mastani Gusti Yesus menika sami kaliyan tokoh-tokoh ageng jagad ing wekdal semanten. Sedaya kalawau namung mangertos jabatan duniawi kemawon. Dados ing antawisipun tiyang kathah dereng wonten ingkang tepung Yesus ing jabatan ke-Ilahian-Ipun. Sami kaliyan bapak kalawau, Gusti Yesus ugi ndangu kadospundi pangertosanipun tiyang sanes rumiyin nembe pengertosanipun putra lan para siswa piyambak. Benten kaliyan wangsulanipun Simon Petrus bilih Yesus menika Sang Mesias, Putraning Allah ingkang gesang. Menika kalenggahan (jabatan)ke-Ilahi-an Yesus. Petrus tepang sanget, Yesus minangka Mesias awit Allah Sang Rama ingkang marengaken.
Anggen kita tepang kaliyan Gusti Yesus ingggih menika tetepangan ingkang asifat pribadi, krana anggen kita gesang padintenan kakanthi ing astaniPun Gusti. Anggen kita tepang mboten namung awit jarene si Suto, jarene si Noyo, lan sanes-sanesipun. Gusti ngersakaken kita pitados ingkang adhedhasar sesambetan pribadi kita kaliyan Gusti piyambak. Gampil sanget ngendika manawi Gusti Allah menika Maha Kuasa Tresna Asih, nanging menapa estu-estu anggen kita pasrah sumendhe awit Panguwaosipun Gusti Allah wonten ing gesang kita? [masto]
Tepang sanget kaliyan Gusti nuwuhaken katentreman lan kabingahan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar