Jumat, 06 Maret 2015

Allah Gregeten

Waosan: Yeremia 5: 1-19   |   Pamuji: KPK 46: 1,2,4.
Nats: “Umat-Ku wis Dakparingi mangan nganti wareg, éwasemono banjur padha nyembah brahala lan ngentèkaké wektuné kanggo nyundel.” (ay. 7b)
Pak Godi pinten-pinten dinten rumaos judheg menggalih putranipun. Pak Godi rumaos tansah nresnani putranipun kanthi nyata wiwit alit mila ngantos ageng. Sedaya kabetahaning gesangipun tansah dipun cekapi, mboten wonten kekiranganipun. Ewosmanten, putranipun mboten mbangun turut dhateng tiyang sepuh. Dhawuh-dhawuh pepengetipun tiyang sepuh mboten dipun gatosaken. Lare menika tansah manut pikajengipun piyambak. Wongsal-wangsul lare ndamel sekel (jengkel) manahipun tiyang sepuh. Temah, Pak Godi ngraosaken bilih putranipun menika saestu kebangeten.
Kinten-kinten mekaten ugi raos-pangraosipun Gusti Allah menggalih patraping umatipun, bangsa Israel lan Yehuda. “Umat-Ku wis Dakparingi mangan nganti wareg, éwasemono banjur padha nyembah brahala lan ngentèkaké wektuné kanggo nyundel.” (ay. 7b). Ing waosan kita dinten menika ketingal raosipun Allah ingkang judheg. Kejawi tansah dipun tresnani, dipun sembadani panyuwunipun lan dipun berkahi, umatipun menika wongsal-wangsul dipun engetaken dening para nabi utusanipun Allah. Ewosamanten, para nabinipun malah dipun prejaya pejah. Bangsa Israel lan Yehuda malah nyembah brahala, nyingkur Gusti Allah lan tumindak sapikajengipun piyambak ingkang cengkah (bertententangan) kaliyan karsanipun Allah. Temah, ugi ketingal anggenipun Gusti Allah rumaos gregeten. Bangsa Israel lan Yehuda menika saestu kebangeten.
Samangke mangga niti priksa patrap kita! Mesthinipun kita mboten selak bilih Gusti tansah nresnani kita, maringi kita berkah lan tedhan cekap saben dinten. Kita dipun paringi katentreman lan kabingahan ing gesanging pribadi lan brayat kita. Kita ugi asring dipun dhawuh-dhawuh pepenget dening Gusti. Nanging kados pundi tanggapan kita? Menapa kita sampun ngestokaken dhawuh-dhawuhipun? Menapa kita tansah ngurmati Panjenenganipun srana nindakaken menapa ingkang dados karsanipun? Sampun ngantos kita ndamel manahipun Allah Rama kita sekel lan gregeten! [ST]
“Kita mesthi berjuang memerangi diri. Bercermin dan banyaklah bercermin!
Tuhan ada di sini, di dalam jiwa ini, berusahalah agar Dia tersenyum!”
(Ebiet G Ade)

http://www.gkjw.web.id/allah-gregeten

Tidak ada komentar:

Posting Komentar