Rabu, 18 Maret 2015

Bedhamen Iku Endah

Waosan: Roma 8:1-11    |   Pamuji: KPK 176
Nats: 
“Awit dene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem rahayu.” (ayat 6)
Ing pasamuwan kawula tetunggilan, wonten sawetawis griya ingkang dipun tilar kesah nyambut damel tebih. Ingkang kagungan kesah dhateng kitha. Awis-awis dipun sambangi, awis-awis ugi kabikak. Saben dinten suwung lan katutup kemawon. Griya ingkang awis-awis dipun sambangi punika lajeng gapuk, cagak-cagakipun gapuk, wuwungipun inggih gapuk, blandar, usuk-rengipun ugi kathah nonoripun, krana boten karumat. Menawi dipun labur ngangge labur ingkang awis lan nggilap, tetep boten badhe ngicali kasunyatan menawi griya punika strukturipun sampun ringkih. Rikat napa rindhik, griya punika dangu-dangu saged ambruk.
Ngrembug bab bedhamen. Bedhamen kadosa menapa kemawon, ingkang tuwuh saking donya sejatosipun kados dene struktur griya kalawau. Bedhamen kalawau kabangun ing sainggiling pondasi ingkang ringkih, janji ingkang kalair, namung janji lan strategi tuwin taktik manungsa. Tuladhanipun: kontrak politik, ko-alisi politik, sedaya kamot kepentingan. “Yen nguntungne ya kanca, yen gak nguntungne berarti musuh.” “Isuk dele, sore tempe. Bedhamen namung kadya labur, namung dados lapisan, ingkang nglaburi pasulayan, kamangka batosipun dereng akur babar-pisan.
Ing waosan punika, Paulus ngrembug bab pamikir ingkang dipun kuwaosi dening Roh Suci, ciri-cirinipun:‘gesang’ lan ‘tentrem-rahayu.’ Ateges menawi kita nyumanggakaken Roh Suci dedalem ing batos kita, ing kapribaden kita bakal tuwuh wohing roh, inggih punika kwalitas (ajining) gesang ingkang endah lan nengsemaken kados dene: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan lan setya, alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. (Galati 5:22-23a).
Ibu Theresia nate ngandika: “wohing sidhem iku pandonga; wohing pandonga iku iman; wohing iman iku katresnan; wohing katresnan iku leladi; wohing leladi iku bedhamen.” Bedhamen utawi perang boten kawiwitan saking Timur Tengah, nanging kawiwitan saking griya. Menawi kita kepengin tentrem lan bedhamen ing jagad punika, sumangga kita wiwiti saking katresnan saben tiyang ing griya kita piyambak-piyambak. (Pong)
“Perjuangan Mendamaikan Dunia, Dimulai Dari Mendamaiakan Keluarga” (Bunda Theresia)

http://www.gkjw.web.id/bedhamen-iku-endah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar