Kamis, 26 Maret 2015

Kesandhung Nanging Ora Tiba



Waosan : Rum 11 : 1-12. |   Pamuji: KPK 143
Nats: “Kang iku aku takon: apa wong mau anggone padha kesandhung iku supaya tiba? Babar pisan! Nanging awit saka panerake, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha thukul kumerene.” (ay. 11)

Kesandung, kathah-kathahipun pancen lajeng dhawah, nanging sok ugi boten ngantos dhawah sinaosa ugi ngraosaken sakit. Awit saged ugi ingkang kesandhung suku, ngantos salah setungaling driji ical kukunipun, menika saestu sakit. Ugi kesandhung boten mesthi kanthi pangertosan sanyatanipun, ananging kangge gegambaran. Kados ing ayat kita menika ingkang dipun kersakaken inggih menika kesandhung bab panerake.
Gusti Allah boten nampik umat kagunganipun. Saestu boten. Mekaten pangandikanipun Paulus: “ Israel ora bisa nggayuh apa kang diupaya, nanging kang nampani iku para wong kang pinilih. Dene liyane padha mangkotake atine.”
Para tiyang Yahudi sami kesandhung lajeng dhawah ing panerake. Amargi menika sanes tujuan ananging tumuju dhateng lalampahan ingkang langkung ageng. Risakipun Israel boten kangge salami-laminipun. Woh ingkang ageng saking kamurtadan/ panerak inggih menika kawilujengan kangge tiyang-tiyang non Yahudi. Menika ingkang salajengipun ndadosaken Israel meri. Paulus tansah ngleresaken Gusti Allah sinaosa kawontenan ketingalipun benten ing pangangkah.
Saestu Gusti Allah boten ngersakaken para kangungipun ngantos ical utawi kacengklok lajeng dhawah. Gusti ugi boten ngersakaken kados dene Israel ingkang karana “panerake” lajeng murtad saking ngarsanipun Allah. Awit kadosa pundi lelampahanipun, sinaosa ngadhepi bebaya pejah, boten badhe megataken katresnanipun Gusti Allah kangge manungsa. Malah Gusti paring tedhan lan omben kangge manungsa ingkang saestu pitados ing pakaryanipun, sae tedhan lan omben kangge gesang kajasmanen ugi kangge gesang ing karohanen. Malah Gusti Allah ngersakaken kang Putra ontang anting nulungi manungsa, supados ingkang sami dosa pikantuk pangapunten malah nampenana gesang ingkang langgeng. Dados sampun ta ingkang namung kesandhung, malah ingkang dhawah kemawon dipun tulungi. Gusti nulungi, temah ingkang kesandhung boten ngantos dhawah. [Bpur]
“Gusti ngersakaken para umatipun lestari gesang ngantos langgeng.”
http://www.gkjw.web.id/kesandhung-nanging-ora-tiba

Tidak ada komentar:

Posting Komentar