Selasa, 24 Maret 2015

Nyebuta Asmaning Pangeran!

Waosan : Rum 10 : 1 – 13   | Pamuji:  KPK 135 : 1 – 3
Nats: 
“Awitdene sapa kang nyebut Asmaning Pangeran bakal kapitulungan rahayu.” (ay. 13)
“Mengko yen ana apa-apa nyebuta jenengku.” Mekaten ingkang dipun ucapaken dening salah satunggaling tiyang ingkang rumaos nggadhahi pengaruh. Artosipun kanthi nyebut nami menika, tiyang ingkang nyebut badhe kalis/ luwar saking pakewed ingkang nembe dipun alami.
Pancen sedaya tiyang kepengin gesangipun rahayu. Boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang boten kepengin gesangipun boten rahayu. Kangge mujudaken gegayuhan lan pepenginan menika, kathah cara ingkang dipun tindakaken dening manungsa, ing antawisipun: tapa-brata, meguru pados ilmu kanoragan, pitados dhateng jimat tumbal japa mantra, sregep ngabekti tanpa pangertosan ingkang leres, netepi angger-anggering Toret, lsp. Wosipun sami ngupadosi karahayon sarana pambudi dayanipun piyambak.
Karahayon ingkang wonten ing Sang Kristus benten. Kadhawuhaken ing Injil Yokanan 3: 16, Efesus 2: 8,9 karahayon menika kita tampi srana pitados dhateng Gusti Yesus. Sanes wohing pambudidaya kita, nanging peparingipun Gusti; sanes wohing pandamel kita, sampun ngantos wonten tiyang ingkang gumunggung.
Pramila sinten ingkang nyebut Asmaning Pangeran, badhe kapitulungan rahayu. Nyebut artosipun boten namung ngucap/ sambat, ananging ngakeni lan pitados, tur nglampahi ingkang dados karsanipun Gusti. Ngakeni srana tutuk kita bilih Yesus Kristus menika Gusti, ingkang wajib lan kedah tansah ginusti, ngakeni namung Gusti ingkang kagungan lan nguwasani gesangipun. Pitados ing manah kita bilih Gusti Allah mungokaken Gusti Yesus saking antawisipun tiyang pejah, artosipun mimpang saking panguwasaning pejah. Awit menawi tiyang namung nyebut “Gusti, Gusti” kemawon, tanpa nglampahi karsanipun boten badhe kapitulungan rahayu. “Kang bakal lumebu kratoning swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku : Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.” Nyebut Asmaning Gusti menika kedah lan perlu sanget. Ewasemanten menawi namung nyebut tanpa kinanthenan ngakeni lan pitados, tur nglampahi kersanipun, badhe tanpa gina, boten mitulungi rahayu dhateng kita. Amin (SS)
“Boten wonten asma ingkang kuwaos, kejawi asma Yesus Kristus.”

http://www.gkjw.web.id/nyebuta-asmaning-pangeran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar