Selasa, 10 Maret 2015

Diya-diniya

Waosan : Yohanes 7 : 37 – 52  | Pamuji: KPK 57 : 1,2
Nats: 
Temahane wong golongan padha diya-diniya (padu dhewe) bab ing ngatase Gusti Yesus. (ay. 43)
Pemilu presiden sampun kaleksanan taun kepengker kanthi asil miturut pengumumanipun KPU pasangan calon nomer kalih ingkang kapilih, nggih punika Bapak Jakowi lan Bapak Jusuf Kala. Pengumuman menika ingkang lajeng nuwuhaken diya-diniya ing antawisipun para “elite” politik. Mila pasangan ingkang rumaos dipun “curangi” gugat dateng MK (Mahkamah Konstitusi). Sareng dipun adili, MK mutusaken pasangan nomer kalih ingkang mimpang. Senadyan mekaten putusan menika taksih nuwuhaken diya-diniya kemawon ing antawisipun para “elite” politik.
Menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Yesus ing waosan kita ayat 37b lan 38, ndadosaken para tiyang golongan sami diya-diniya. Wonten sawetawis tiyang ingkang ngucap: “Nyata yen Kanjeng Nabi kang kita anti-anti” (40). Sanesipun ngucap : “Iku Sang Kristus” (41a). Wonten malih ingkang ngucap: “Dudu, wijile Sang Kristus iku ora saka Galilea!” (41b). Diya-diniya ing antawisipun para tetiyang menika ingkang lajeng dados dhadhakan, sawetawis tiyang kepengin nyepeng Gusti Yesus, senadyan boten wantun. Farisi lan para pangagenging Imam (45) malah mastani para tiyang jagi menika sami dipun sasaraken, tiyang kathah kawastanan boten tepang kaliyan Toret, tiyang-tiyang menika sami kenging musibat (49).
Aben ajeng kaliyan kawontenan menika Nikodimus lajeng ngunandika: Punapa angger-angger kita ngukum tiyang saderengipun tiyang menika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun? Nikodimus ngajak para tetiyang menika supados boten gampil “main hakim sendiri”, ananging tansah nggadhahi sikap “praduga tak bersalah”.
Diya-diniya gegayutan kaliyan salah satunggaling bab, saged kemawon kelampahan ing antawis kita. Malah saged ugi kelampahan ing antawis kita tiyang Kristen, pasamuwan Kristen, brayat Kristen. Ingkang penting sampun ngantos kita kanthi gampil jeksani: ngene-ngono, iki-iku. Ananging kita kedah tansah anggadhahi sikap “praduga tak bersalah”, kanthi terus niti priksa lan ngyektosi pratingkahipun. Amin(SS)
“Nadyan beda panemu, ora prelu padu.”

http://www.gkjw.web.id/diya-diniya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar