Jumat, 10 April 2015

Bakal Bisa Oncat

Waosan: Daniel 12 : 1 – 13 | Nyanyian: KPK 208: 1.
Nats: “Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.” (ayat 1b)
Oncat sami kemawon kaliyan luwar saka…, luput saka…. Saking ukara menika saged ugi nggadhahi pangertosan bilih bangsa menika kalis saking ukuman, lajeng pikantuk lelampahan ingkang mbingahaken inggih menika kawilujengan ingkang langgeng. Menika kemawon namung ingkang kacatahet ing satunggiling Kitab. Temtunipun ingkang boten kacathet boten saged oncat saking paukuman menika.
Ing wekdal sedaya kedadosan para tetiyang ingkang naminipun kaserat ing salebeting Kitab badhe kawilujengaken. Pawarta menika tumuju kangge tiyang ingkang pinilih, ingkang katemtokaken kangge gesang langgeng. Panganiaya dening Si Jahat ingkang ndadosaken kathah manungsa ingkang dhawah. Nanging tetiyang ingkang naminipun kaserat ing Kitab menika ingkang badhe kawilujengaken. Kawilujengan menika kalebet tiyang ingkang sami tilem –ingkang sampun seda rikala jaman pangniaya– sanes sedaya ingkang sampun pejah, tetiyang menika sami badhe tangi.
Daniel dipun utus memeteraikan pawarta ingkang kawartosaken enggal menika ngantos ing pungkasaning jaman. Kawruh ngengingi karsanipun Gusti Allah sampun wonten ing jagad lan ing Kitab Suci, manungsa wira-wiri mrika- mriki tanpa asil, karana boten madosi ing panggenan ingkang samesthinipun. Ing ngriku kayekten saged kapanggihaken.
Gegambaran bab wilangan-wilangan menika nggambaraken sedaya wekdal panganiaya ngantos sarampungipun. Sok tiyanga ingkang kiyat lan saged nglangkungi wekdal menika badhe nampeni berkah. Tumrap Daniel dipun wartosi bab kawilujenganipun ingkang pinesthi.
Kita ugi nggadhahi pengajeng-ajeng saged oncat saking paukuman tumuju dhateng gesang langgeng. Kita sampun kacathet ing Kitab krana kapitadosan kita ing Gusti Yesus.[Bpur]

“Rahayu wong kang asmane kacathet ing Kitab, awit bakal bisa oncat saka paukuman marang urip kang langgeng.”
http://www.gkjw.web.id/bakal-bisa-oncat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar