Senin, 06 April 2015

Ketanggor



Waosan: Yunus 2: 1-10    |    Nyanyian: KPK 96: 1
Nats: “Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah. . . .” (ay.7)

Mas Damar remen sanget maos buku-buku filsafat. Saking buku-buku ingkang kawaos kalawau lajeng piyambakipun paring kesimpulan bilih Gusti Allah punika namung karanganipun manungsa. Pramila wiwit ngugemi kesimpulan punika piyambakipun boten purun ndedonga malih. Awit miturut pamanggihipun ndedonga punika muspra, namung wawan rembag kaliyan pikiranipun piyambak. Sikap kados mekaten dipun lampahi mataun-taun.
Wulan kepengker Mas Damar ngalami ewah-ewahan ingkang ageng. Piyambakipun ketingal kusyuk sanget nalika tumut pangabekti ing pangibadah Minggu. Nalika wonten ingkang taken bab ewah-ewahan gesangipun, piyambakipun ketingal semangat sanget anggenipun paring wangsulan. “Aku jan gela banget, kok iya nembe iki ngrasakake yen Gusti Allah iku temen makarya ing uripe manungsa. Pengalaman pahit ing kantor kang mbukak atiku marang Gusti. Lha piye, kantor sing tak kira aman, ubenge duwit lancar, jebule duwe utang 5 Milyar rupiah. Lan bab iku nembe konangan nalika aku ditetepake dadi Kepala bagian keuangan. Sanadyan kasus iku dudu salahku, nanging aku duwe tanggungjawab isa mbalekake duwit iku, yen ora bisa, kantor iki bisa tutup! Nalika iku sirahku kaya keblegan gunung. Isane mung dheleg-dheleg. Aku ora ngerti babar pisan apa sing kudu tak lakoni! Aku mung isa ngalamun. Lan ora krasa, luhku tumetes saka ing mripat. Ujug-ujug metu tembung saka ing cangkemku, ‘dhuh Gusti nyuwun tulung!’ Sawuse ngucapake iku, luhku tambah deres! . . . . wiwit kedadeyan iku, atiku rasane ora isa pisah saka Gusti…..”
Pangandika ingkang mekaten, ”Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah . . .” Punapa kita badhe niru, nembe sowan Gusti sasampunipun ndlosor (terpuruk) gesang kita? (smdyn)
“. . . . namung wonten ing asta Paduka, gesang kawula punika”
http://www.gkjw.web.id/ketanggor

Tidak ada komentar:

Posting Komentar