Selasa, 14 April 2015

Kagunganipun Sinten?



Waosan : Yohanes 17 : 6 – 19 |   Nyanyian: KPK 169:1, 4
Nats:
“….Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanes jagad ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika, awit punika sami kagungan Paduka….” (ayat 9)

Wonten salah satunggaling lagu klangenanipun tiyang ingkang kasmaran ingkang salah satunggal peranganipun mekaten: “lambe iki wek’e sapa dhik? Lambe iki yo duwekmu. Irung iki wek’e sapa dhik? Irung iki yo duwekmu, lsp”. Lagu punika nedahaken bilih samudaya ingkang dipun gadhahi dening semah utawi tiyang ingkang kita tresnani, sejatosipun ugi gadhahan kita. Lan tamtu, punika salah satunggaling pangaken ingkang endah tumraping sesambetan kita kaliyan tiyang ingkang kita tresnani kanthi sanget.
Mekaten ugi, nalika Gusti Yesus ndedonga Safaat, Panjenenganipun ugi ngengeti dhateng para sakabat. Para sakabat punika estu-estu dipun tresnani dening Gusti Yesus. Kebersamaan ingkang sampun dangu kawangun ing antawisipun Gusti Yesus lan para sakabat, dados tandha bilih Gusti Yesus punika tresna sanget kaliyan para sakabatipun. Pramila, Gusti Yesus nyuwun dhumateng Allah Ramanipun, supados Gusti Allah tansah nganthi saha ngreksa para sakabat saking sakathahing panggodha lan bebaya. Kanthi pandonga ingkang mekaten, kejawi nedahaken katresnanipun ingkang ageng, Gusti Yesus ugi badhe ngatag para sakabat bilih sok sintena ingkang rumaos dados kagunganipun Gusti punika mesthi tansah karimat dening astanipun Gusti ingkang kebak ing katresnan.
Lah kados pundi kaliyan kita, para sakabating Gusti ing jaman modern samangke? Punapa kita tansah dados kagunganipun Gusti? Kathah tiyang ingkang nglairaken pangaken bilih piyambakipun dados kagunganipun Gusti. Nanging pangaken mekaten kadhangkala namung dados jargon (semboyan) kemawon, awit ing satengahing pigesangan nyatanipun taksih ndadosaken bandha lan donya brana ingkang paling utami. Kamangka, kados dene dhateng para sakabat, Gusti Yesus ugi ndedonga kangge gesang kita, supados Gusti Allah piyambak ingkang nganthi, ngreksa, lan mberkahi. Punapa kita ugi mekaten? Amin. [Mbing]
“Para kagungane Gusti, dipanggah anggonmu setya!”
http://www.gkjw.web.id/kagunganipun-sinten

Tidak ada komentar:

Posting Komentar