Waosan: Daniel 5: 1-12 | Nyanyian: KPK 108: 1
Nats: “Sang prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos…” (ay. 6)
Bu Melati saweg duka sanget dhateng putrinipun. Sampun makaping-kaping minangka tiyang sepuh, piyambakipun ngemutaken dhateng anakipun estri supados ngatos-atos anggenipun srawung kaliyan lare jaler. Nanging nyatanipun anakipun estri punika nglirwakaken piweling ibunipun.
Puncaking duka, nalika Bu Melati mireng bilih putrinipun sampun ngandhut, kamangka dereng neningkahan. Piyambakipun muntab, lan duka sanget dhateng putrinipun –sinambi nuding putriNipun,- ngendika, “. . . wiwit saiki aja nganggep aku ibumu!”
Dalu nalika manahipun sampun radi lerem, Bu Melati muwun. Piyambakipun gela, awit sampun kalair tembung ingkang murugaken sesambetan antawis ibu – anak pedhot.
Iba bebayanipun kangge kita menawi nalika manah lan panggalih saweg peteng, nanging kita nemtokaken prekawis ingkang wigatos. Sesambetan antawisipun ibu-anak punika rak wigatos sanget ta? Raos gela saged kabekta mataun-taun. Saged ugi putrinipun ingkang kausir kalawau nembe manggihi ibunipun sasampunipun 15 tahun.
Kadosdene nalika Sang Prabu Belsyazar mendem, kekathahen omben anggur. Piyambakipun nyawiyah dhateng Gusti lumantar nyepelekaken pirantos-pirantos Padaleman Suci. Ingkang mesthinipun kangge pangbaketi malah kangge ndem-ndeman (mabuk-mabukan). Nalika siuman (sadhar) boten kanyana, “Sang prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos…” awit nampi pepenget saking Gusti lumantar seratan misterius (elok) ing tembok.
Mangga kita mbudidaya tansaha njagi supados manah lan pikiran kita padhang. Awit namung ing salebeting pikiran ingkang padhang kita saged ngrampungi (mengambil keputusan) prekawis ingkang wigatos kanthi sae. Prekawis ingkang wigatos boten saged dipun rampungi ing salebeting manah ingkang peteng. (smdyn)
“Gusti, kaparingana kawula manah ingkang kebak kawicaksanan!”
http://www.gkjw.web.id/manah-tansaha-padhang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar