Kamis, 16 April 2015

Niyat Sae

Waosan: Daniel 2: 31-49   |   Nyanyian: KPK 289: 3
Nats: “Pangandikané Sang Prabu, “Allahmu kuwi pinunjul dhéwé ing antarané para allah. Panjenengané kuwi ratuning para ratu, sing mbikak prekara-prekara winadi. ” (ay. 47)

Umumipun tiyang rumaos “wegah” ngaturaken dhateng tiyang sanes bab bilai utawi kasangsaran ingkang saged dumados karana tumindakipun ingkang awon. Raos “wegah” menika amargi rikuh/ sungkan utawi ajrih, langkung-langkung yen tiyang sanes menika langkung inggil drajat lan pangkatipun. Upanipun, warga/ anggota Majelis dhateng Pendhita. Utawi “wegah” amargi gregeten, “wis ben wae, ben dirasakne dhewe!”
Daniel wantun mbiwarakaken artosing impenipun Raja Ahasyweros, nadyan menika artos ingkang awon, bab ajuring negarinipun. Daniel wantun matur prasaja/ blaka karana aturipun menika kasurung niyat sae, boten kanthi niyat “nyokuraken” Sang Prabu ingkang badhe ngalami nasib awon. Nadyan bangsa Babel menika sampun ngejur lan nyangsarakaken bangsanipun Daniel, nanging Daniel boten kagungan niyat awon tumrap raja Babel menika.
Niyat saenipun menika kapitulungan dening Allah, temah panjenenganipun saged matur kanthi sae. Lan, aturipun saged katampi kanthi sae ugi dening Sang Prabu Ahasyweros. Sejatosipun gampil kemawon raja Babel menika dados duka lan matrapi pidana dhateng Daniel karana mbabaraken kabar buruk bab negarinipun. Nanging karana Gusti Allah mitulungi lan ngamping-ampingi Daniel ingkang kagungan niyat sae menika, pramila Ahasyweros malah ngandika lan ngakeni “Allahmu kuwi pinunjul dhéwé ing antarané para allah. Panjenengané kuwi ratuning para ratu, sing mbikak prekara-prekara winadi.”
Sumangga kita mbangun jiwa supados kita tansah nggadhahi niyat sae dhateng sedaya tiyang, sedaya ingkang kita aturaken lan kita tindakaken. Kita bucal niyat balas dendam, raos serik, niyat “nyokuraken” tiyang sanes ingkang badhe saged ngalami nasib awon karana kalepatanipun. Niyat sae mesthi binerkahan dening Gusti lan badhe ndhatengaken kasaenan tumrap gesang kita lan tiyang kathah. Kosokwangsulipun, niyat lan raos awon (nadyan kita boten matur lan tumindak menapa-menapa), saged nyengsarakaken manah kita lan gesangipun tiyang sanes. Mangga, tansah nggadhahi NIYAT SAE! [st]
“Allah mitulungi lan ngamping-ampingi niyat becik, temah dadi berkah.”
http://www.gkjw.web.id/niyat-sae

Tidak ada komentar:

Posting Komentar