Senin, 20 April 2015

Tahun Yobel



Waosan: Lukas 4:14-30   |   Nyanyian: KPK 319:1,2,3.
Nats:
“…ngundhangake bakal tekane jaman keslametan peparinge Pangeran marang umate.“ (ayat 19).

Sinagoge dados papan ingkang penting kangge gesangipun bangsa Yahudi. Sinagoge dipun bangun kangge papan pangabekti ing dinten Sabat lan papan pasinaon/ sekolah kangge lare jaler. Saben wonten tiyang Yahudi cacahipun 10 KK ing ngriku kabangun Sinagoge ingkang dipun tata dening satunggaling pemimpin. Kala-kala pemimpin Sigagoge ngundang satunggaling Rabi tamu kangge maos Kitab Suci lan nerangaken isinipun.
Gusti Yesus tindak ing Sinagoge kados padatan lan memulang saking Yesaya 61:1-2. Yesaya nggambaraken pangentasaning bangsa Israel saking pambucalan ing Babel minangka ‘Tahun Yobel’. Tata cara Tahun Yobel kados mekaten: Sasampunipun 6 tahun mangsa tanem, ngrimati, lan panen, pategalan dipun imbaraken (mboten dipun tanemi) dangunipun setahun. Tetaneman ingkang thukul piyambak dangunipun setahun kalawau hasilipun kangge tiyang miskin lan sisanipun kangge kewan (Pangentasan 23:11; Pangandharing Toret 15:2-18).
Puncaking tahun Yobel menika dhawah ing saben tahun ka-50, ingkang dipun sebut ‘Yubilium’. Pranatan dipun tindakaken kanthi estu: hak milik dipun wangsulaken dhateng pemilik asli, utang-utang dipun anggep lunas, para budak dipun luwari. ‘Yubilium’ dados wekdal ingkang pas kangge saos syukur lan ngakeni bilih Allah nyawisaken tedhan cekap kangge sedaya titah.
Bab menika ngengetaken bilih manungsa sanes pemilik pategalan, mboten gadhah hak kangge andarbeni ing salami-laminipun, manungsa namung dipun paringi wewenang miturut palilahipun Gusti Allah (Kaimaman 25:23). Mekaten ugi bangsa Israel mboten gadhah hak waris, sebab drajatipun ing Mesir rumiyin minangka budhak (Pangandharing Toret 15:15).
Gusti Yesus dipun tampik ing tanah kelairanipun, pramila mboten perlu kaget menawi kekristenan mboten gampil dipun pahami lan dipun tampi dening kathah tiyang ing sadhengah papan. Piwelehipun Gusti Yesus ingkang isi pepenget bilih Gusti Allah kadhang kala milih bangsa sanes katimbang bangsa Yahudi, ndadosaken bangsa Yahudi nesu sanget. Amin. (Esha).
“Ngajeni, tunggal rasa, nyirik piala, lan nresnani ndadekake endahe paseduluran.”
http://www.gkjw.web.id/tahun-yobel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar