Kamis, 02 April 2015

“Wisuh-winisuhan Sikil”



Waosan : Yokanan 13 : 1 – 17   | Nyanyian: KPK 85 : 1,2
Nats: “……dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh – winisuhan sikil” (14b)
Bokmenawi kita nggadhahi pengalaman ingkang sami nalika kita taksih alit menawi bakda dolanan mesthi kadhawuhan dening tiyang sepuh kita: “wisuh sikil dhisik yen arep turu,” utawi “ayo cepet sikile diwisuhi trus turu.” Kita kadhawuhan wisuh sikil dening tiyang sepuh kita, kanthi tujuan supados suku kita resik, karana suku menika peranganing badan ingkang paling andap, ingkang mesthi nyempar-nyandung kotoran.
Cariyos bab Gusti Yesus mijiki sukunipun para sekabat punika nedahaken andhap asoring manahipun Gusti Yesus. Panjenenganipun ingkang jumeneng Gusti karsa nindakaken pedamelanipun abdi, nggih punika mijiki sukunipun tiyang sanes. Malah srana ngasoraken dhirinipun punika nyata luhuring budinipun. Punika satunggaling patuladhan ingkang saestu luhur tumrap kita sadaya.
Timbalan sami wisuh-winisuhan suku menika ngemu piwucal ingkang adi tur endah tumraping gesang kita sasedherek, sapasamuwan, ugi ing gesanging masyarakat. Supados ing pasrawungan kita sadinten-dinten tansah:
  • Purun ngesoraken dhiri kita, gesang kebak andhap asoring manah, boten gumunggung, kumalungkung, adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa ingsun.
  • Kanthi bingah ngurbanaken gesang kita lan menapa kemawon ingkang wonten lan kita gadhahi amrih kasaenanipun tiyang sanes.
  • Gesang lados-linadosan satunggal lan satunggalipun, tansah rumaos lan kraos dados “abdi” ingkang nggadhahi jijibahan lelados kanthi trusing manah, rila lan bingah.
  • Resik-rinesikan ing antawis kita. Menawi manggihi sesami kita gesangipun pinanggih kirang “resik” kita katimbalan ngengetaken, supados saged dados resik, boten malah kosokwangsulipun.
Sumangga kita nindakaken timbalan menika kanthi setya tuhu, kalambaran raos andhap asor lan ajrih asih dhumateng Gusti. Amin (SS)
“Gusti ingkang maha luhur kemawon karsa angsoraken dhiri, menapa malih kita manungsa ingkang asor punika.”
http://www.gkjw.web.id/wisuh-winisuhan-sikil

Tidak ada komentar:

Posting Komentar