Selasa, 04 Februari 2014

Aja Semplah !



Waosan : Ibrani 12 : 1 -  4
Pamuji : KPK 115 : 1 – 3
Nats : “Padha tansah elinga marang panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti lesu sarta semplah” [ayat 3]

Raos semplah menika nate kula raosaken rikala kula sakit mboten saras-saras. Badhe nedha aras-arasen, ngombe obat males, obah ugi mboten sekeca. Kepinginipun muring-muring kemawon karana menapa kemawon mboten cocok lan mboten sekeca. Raosipun semplah, kepingin enggal kemawon dipun timbali Gusti.
Sasampunipun ngandharaken paseksi para seksi iman ing jaman ingkang sampun kalampahan, penyerat Ibrani  ngadhepaken pamaosipun wontenipun tantangan saha tuladhanipun para seksi iman. Ingkang dados pengajeng-ajeng anggenipun ngadhepi perjuangan gesang kanthi tekun kados para seksi iman menika. Piyambakipun kepingin para pamaos dipun bereg ngadhepi kanisthan lan pangawulan ingkang tansah badhe kalampahan. Pramila dipun andharaken ing ayat 2, kita lampahi kanthi mandeng Gusti Yesus, “kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.”
Saget ugi tiyang pitados ing jagad ngraosaken semplah (putus asa) lan mboten sekeca. Swawi ngengeti kasangsaran ingkang dipun lampahi Gusti Yesus ngantos manggul salib ananging ingkang samenika saget ngraosaken lenggah ing tengenipun dhampare Gusti Allah. Gesang kita dipun tanggel dening Gusti ingkang sampun miwiti lan mungkasi perjuangan kanthi sampurna.
Saking pangertosan menika kita mboten perlu lesu lan ngantos semplah. Awit kasisahan kita mboten sepinten menawi ngengeti kasangsaranipun Gusti Yesus ingkang ngantos kasalib ing kajeng salib. Kita tetep kanthi setya pitados ing karsanipun Gusti Yesus kanthi nglampahi lampah ingkang sae kangge kamulyanipun Gusti. [BPur]
“Kasangsaran manungsa  ing jagad, ora sepira yen opahe swarga”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar