Waosan : Purwaning Dumadi 9 : 1 – 13
Pamuji : KPK 187 : 1, 2
Nats : “Sarupane sato kewan ing bumi lan sarupane manuk ing awang-awang iku bakal wedi lan giris marang sira; iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi, dalah sarupane iwak ing segara iku padha sira kwasanana.” [ayat 2]
Rencang damel kapiji supados saged ngrencangi nyambut damel ingkang dipun rencangi. Kados menawi tiyang mantu ing padhusunan lan tanggi tepalih sami ngrencangi: wonten ingkang adeg terop, wonten ingkang masak jajanan, lan wonten ingkang ngriyas kwadhe manten, lsp. Cekakipun rencang damel mboten namung kendel, nanging ngrencangi sinten ingkang kedah dipun rencangi, menapa kemawon ingkang dipun sagedi.
Wiwit wiwitan sasampunipun manungsa katitahaken, Gusti Allah sampun ngersakaken manungsa dados rencang damelipun. “Padha bebranahana lan tangkar tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.” (Pur. Dum. 1:28)
Saking ayat menika cetha bilih wiwit sakawit Gusti Allah ngersakaken manungsa dados rencang damelipun. Pakaryan dipun jangkepi kaliyan berkah, kekalihipun sami njangkepi pakaryanipun Gusti kangge manungsa. Gusti Allah ingkang nitahaken manungsa sarta jagad saisine mboten nate kendel anggenipun makarya.
Prajanjian antawisipun Allah lan Nuh mesisan inggih menika pawarta ukum lan sih rahmat. Sami kemawon saged kawastanan bilih prajanjian sasampunipun banjir ageng jaman Nuh menika, prajanjian gesang. Awit isinipun: Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara sarta ngebakana Bumi.
Dados samenika klebet kita ingkang gesang sasampunipun Nuh, kita wonten ing prajanjian pakaryan lan sih rahmat; sesarengan dados rencang damelipun Allah anggenipun tansah nitahaken, ngrimati lan ngreksa jagad dalah saisinipun. Karana Gusti Allah mboten nate kendel anggenipun nitahaken, ngrimati saha ngreksa jagad, kita sampun ngantos ketilaban (kesupen) ing bab menika. Gusti ngutus lan ugi njangkepi menapa kemawon ingkang kita betahaken.[BPur]
“Sapa ngrusak apa kang dadi titahe Gusti iku padha karo nglawan Gusti kang akarya”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar