Jumat, 28 Februari 2014

Ora Oleh Kumenthus



Waosan : 1 Samuel 17 : 17 – 30
Pamuji : KPK 91 : 1, 2, 3
Nats : “Wangsulane Dawud, Salahku apa ta? Aku rak mung takon” [ayat 29]
Wonten kalih pamanggih ingkang benten ing wekdal ngadhepi Goliat. Para tiyang Israel sami mlajeng ajrih rikala sumerep lan ngadhepi Goliat ingkang badanipun ageng (inggilipun 3 meter) ingkang kanthi swara lantang, nantang tiyang Israel. Dawud ningali lan nganggep Goliat punika nantang Allah ingkang maha kuwaos. Dawud yakin piyambakipun mboten badhe piyambakan ngadhepi Goliat, Allah badhe nganthi. Dawud ningali kawontenanipun miturut ‘perspektif’ (cara pandang) Allah. Cara ningali kados ingkang katindakaken dening Dawud punika badhe mitulungi kita saged mapanaken masalah ageng kanthi bening, cetha, lan saged ngadhepi langkung efektif  (pretitis).
Eliab, kakangipun Dawud ingkang mbajeng, nganggep Dawud adhikipun punika kumenthus, dipun anggep namung badhe ningali tiyang diwasa perang. Kala semanten tiyang Israel saweg perang nglawan tiyang Filistin. Ing ngatase bocah angon wedhus koq melu-melu ana ing papan peperangan. Mbokmenawi mekaten angen-angenipun si Eliab. Sikap lan panganggeping kakangipun mboten ndadosaken Dawud mundur. Piyambakipun sadar bab perlu lan pentingipun tumandang damel. Kapitadosan bilih Gusti Allah nganthi mbereg tekadipun Dawud kangge enggal tumindak.
Mbokmenawi taksih wonten saperangan tiyang ingkang ngremehaken, ngece, lan maringi komentar-komentar negatif tumraping kesagedan (kemampuan) kita, ndadosaken kita alit ing manah lan minder. Ewasemanten kita perlu terus majeng yen kita pitados ingkang kita tindakaken menika leres lan maedahi kangge sesami. Supados kita mboten dipun remehaken dening tiyang sanes, kita perlu enggal tumandang, lan nindakaken pedamelan utawi kesagahan kita kanthi sakatoging kesagedan kita. Ewasamanten, “aja kumenthus” nadyan pambudidaya kita sukses (kasil kanthi sae). Kedah tetep andhap asor kados Dawud. Kamulyan lan pangalembana namung kagema Gusti ingkang mitulungi kita. Amin. [Esha]
“He prajurite Gusti, undhangna wrata Injiling Gusti!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar