Senin, 10 Februari 2014

Ndemèk Jubahe Gusti Yesus



Waosan : Markus 6 : 53 – 56
Pamuji : KPK 152 : 1, 2
Nats : Supaya dililani ndemèk gombyoking jubahe bae. Dene kabeh kang ndemèk jubahe padha dadi waras. [ayat 56d,e]

Kita sedaya mesthi taksih enget cariyosipun Ponari, lare ingkang saged nyarasaken tiyang sakit srana watu. Tiyang saking pundi-pundi panggenan sami dhateng ngupadi kasarasan. Wonten ingkang jodho lajeng saras, lan ugi boten sekedhik ingkang boten saras, boten jodho. Ingkang cetha menapa ingkang dipun tindakaken Ponari menika, nalika semanten, estu ngedab-edabi.
Lelampahan ingkang kita waos dinten menika, sareng tiyang-tiyang sami mireng Gusti Yesus rawuh ing tlatah Genesaret, sami nyowanaken tiyang-tiyang ingkang sakit (ay. 55b,56a), supados kalilanana ndemèk jubahipun Gusti Yesus. Awit sinten kemawon ingkang saget ndemèk gobyoking jubahipun, mesthi saras. Kasarasan katampi srana ndemèk jubah. Menapa jubah menika nggadhahi kekiyatan magis? Sumangga kawaos Wilangan 15: 37-40 :…gombyok menika dados pepenget supados Israel tansah enget dhateng pepakenipun Gusti lan tansah dipun estokaken, sampun ngantos nuruti manahipun lan pamawasing mripatipun malih…lan sami dados suci kagem Gusti….supaya Ingsun dadiya Allahira. Kasarasan katampi boten amargi gombyoking jubah. Pramila sampun ngantos nggadhahi pemanggih/ kapitadosan bilih jubah menika ingkang nyarasaken, ananging pangwasanipun Allah piyambak lan kapitadosanipun manungsa dhateng pangwasa menika, ingkang kebabar sarana anggenipun ngestokaken pepakenipun Allah, tuwin gesang suci kagem Panjenenganipun.
Katah tiyang ingkang sami nandhang sakit lan marupi-rupi penyakit ingkang kasandhang. Sumangga sami sowan dhateng ngarsanipun Gusti, sami ndemèk jubahipun. Artosipun sami pitados, tansah sami enget dhateng pepakenipun, nggatosaken, ngestokaken kanti setya tuhu, mbangun gesang suci kagem Gusti; kasarasan mesthi kaparingaken dening Gusti. Sampun gampil pitados wontenipun barang-barang magis (jimat) kados watunipun Ponari. Nadyan barang-barang Kristen kados salib, minyak urapan, Kitab Suci utawi barang-barang sanesipun boten prelu dipun pitados kados jimat. Pitados dhateng panguwaosipun Gusti kemawon. Amin. [SS]
“Panguwasanipun Gusti kasunyatan wonten ing tiyang ingkang pitados kanthi mantep”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar