Jumat, 14 September 2012

Nyuda Kekirangan


Waosan: Lukas 6: 39-42.
Pamuji: KPK 62
Nats: “Heh, wong lamis, glondhong kang ana ing mripatmu iku ilangana dhisik …” (Ayat. 42b)
Ing satunggaling wekdal mantun nedha, semah kula mbejani kula makaten: “Mas, apa ora krasa ta, neng pipimu ana upa?” Kula pancen boten kraos yen wonten upa ing pipi kula. Ing dinten sanes, kula mbisiki satunggaling sadherek: “Pak, gulon (kerah) ageman panjenengan ingkang sisih tengen kelempit mlebet.” Tiyang punika boten ruamos. Saumpami kemawon kula lan sadherek punika ngilo (bercermn) ing kaca mesthinipun saged mangertos lan kraos.
Carios cekak ing inggil punika nelakaken bilih pancen yektos tiyang punika langkung gampil ningali awoning tiyang sanes tinimbang dhirinipun piyambak. Tiyang sanes saged ningali 60 % polah tingkah kita, mliginipun ingkang awon. Dene kita piyambak namung saged nyumurupi kirang langkung 40 %. Menawi makaten kados pundi kita saged nindakaken dhawuhipun Gusti Yesus ing inggil: ngicali awoning gesang kita piyambak. Kita saged nyumurupi langkung kathah kekirangan kita piyambak menawi kita purun asring ngilo. Yen sampun nyumurupi kekirangan lan awoning polah tingkah kita, kita badhe saged nyuda kekirangan kita sarta ndandosi piawon kita. Nanging wonten ugi tiyang ingkang sampun nyumurupi kekirangan lan piawonipun, tetep boten nyuda lan ndandosi. Yen kita pancen purun lan kepingin nyuda kekirangan lan ndandosi piawon kita, Gusti mesthi mitulungi. Nyuwun kemawon sih pitulunganipun Gusti!
Kala-kala kita perlu waktu sidhem kangge ngraosaken sih katresnanipun Gusti Allah Rama kita kanthi lebeting manah lan kangge “ndhadha dhiri pribadi”. Tegesipun metani awoning sikap lan patrap (tumindak) kita. Kita perlu ngilo dhateng sih katresnanipun Gusti Allah Rama kita lan dhawuh sabdanipun. Saya asring punika kita tindakaken saya ayem tentrem manah kita lan saya prayogi gesang kita.[DWT]
“Aja gampang ngluputake benere liyan lan mbenerake lupute dhewe!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar