Minggu, 16 September 2012

Sekedhap Malih


Waosan: Yesaya 50: 5-9.
Pamuji: KPK 123: 1, 2
Nats: “Nanging Pangeran Allah banjur mitulungi ingsun; mulane ingsun ora kawirangan. …” (ayat 7)
Punapa kita nate ngraosaken gesang ingkang boten adil? Punapa malih menawi sampun nindakaken bab kasaenan ananging tetep kemawon wonten ingkang boten remen dhateng kita. Tumindak jujur nanging malah ajur. Kawontenan ingkang kados makaten punika saged ndadosken semplah ing manah. Kados-kados Gusti boten mirsani kawontenaning umat kagunganipun ingkang kados mekaten. Malah-malah ugi wonten ingkang ndherek ngintir karana kahanan ingkang karaos awrat. Wonten ingkang swaunipun setya lan bekti dhumateng Gusti, nanging lajeng nebih karana boten kiyat nyanggi momotaning gesang.
Wonten ing kahanan ingkang kados mekaten, Nabi Yesaya paring pangenget dhumateng kita puruna sabar lan nengga sekedhap malih pitulunganipun Gusti. Gusti punika boten  nilar, boten mirangaken para putranipun ingkang tansah setya. Gusti estu nggatosaken kawontenaning para putranipun ingkang berjuang kanthi tumemen netepi pigesanganipun lelandhesan iman kapitadosanipun. Pitulunganipun Gusti punika saged awujud kekiyatan, panglipuran, semangat lan ugi piwales. Tamtu punika wewenangipun Gusti Allah piyambak, benjang punapa pitulungan punika kaparingaken lan kados punapa wujudipun. Ingkang baken, menawi Gusti Allah sampun mbelani para putranipun, sedaya mengsah badhe kecalan daya. Mangga sampun ngantos semplah, sampun ajrih, sampun ngantos mandheg, sampun mangu-mangu. Gusti Allah inggih Rama kita boten badhe negakaken kita ing satengahing reribed lan pakewed. Sumangga klayan sabar lan setya nengga sekedhap malih. Salajengipun kita yakini kanthi teguh Gusti mesthi ngulungaken astanipun mitulungi kita. Sampun ngantos bimbang utawi mangu-mangu. Nadyan kadosa pundi kawontenan kita, sumangga kita yakinaken manah kita: “Gusti mesthi mitulungi aku, mesthi, aku yakin!” (PKS)
“Sapa sing nrima, sabar lan yakin mesthi kaparingan tentrem rahayu”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar