Senin, 24 September 2012

Pikiran Kotor


Waosan: Wulang Bebasan (Amsal) 3: 27-35.
Pamuji : KPK 319
Nats: “Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani, mangka kowe bisa tumindak mangkono” (ayat 27)
Menapa ta Pikiran Kotor punika. Pikiran kotor menika boten namung penggalihan utawi angen-angen ingkang “ngeres” kemawon. Pikiran kotor menika ugi sedaya ingkang wonten manah lan pikiran kita ingkang nyandheg (menghambat) tumindak utami.
Menawi kita ing margi kepanggih tiyang ngemis ingkang sacara fisik sehat, ing pikiran kita mbok menawi tuwuh pemanggih, “iki wong males, sehat kok ngemis”. Mila lajeng wonten raos eman menawi badhe paring sedhekah utawi pitulungan kangge tiyang menika. Nanging menapa kita sampun mangertos saestu kawontenan ingkang dipunalami dening tiyang menika? Sampun ngantos “niat baik” dipun risak dening pikiran-pikiran ingkang sejatosipun dereng tamtu leres ugi. Sadaya ugi kedah dipun penggalih kanthi wicaksana. Mbabaraken tentrem rahayu menika, kedah kagem sedaya titah, boten wonten pengecualian, langkung-langkung ingkang ringkih lan kacingkrangan gesangipun Menawi Gusti boten paring “pengecualian”, menapa wewenang kita ngantos kita ndamel pengecualian kangge sesamining gesang kita? Menawi Gusti paring rejeki supados kita saged dados margining rejeki dhateng sesami, kenging menapa kita taksih asring ndamel syarat-syarat miturut pemanggih kita piyambak? Kita kadhawuhan supados boten nyandheg utawi nggondheli kasaenan ingkang saged lan kedah kita tindakaken dhateng tiyang sanes. Yen kita naliti tindak-tanduk kita ing uni, tamtu kita ngakeni kita asring nyandheg kasaenan menika karana pikiran kita ingkang kotor, ingkang pilih-pilih. Samangke pikiran makaten menika mangga kita bucal, lan kagantos pikiran ingkang resik lan utami. Gusti mesthi mberkahi. Amin.  (fhp)

“Wong kang nandur kabecikan bakal panen kabecika marga barkahe Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar