Kamis, 20 September 2012

Sengkut Makarya


Waosan: 1 Korinta 15: 1-11.
Pamuji: KPK 168
Nats: “… sih rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra … aku wus nglakoni pagawean luwih akeh…” (ayat 10)
Kulinanipun tiyang bakda pikantuk rejeki “nomplok” punika lajeng kendel, santai-santai, yen saged boten sisah nyambut damel malih. Ingkang dipun tindakaken namung kangka-kangka (thenguk-thenguk) utawi suka pari suka, seneng-seneng, mangan enak, turu kepenak. Rasul Paulus boten makaten, kapara kosokwangsulipun. Sasampunipun nampeni sih rahmatipun Gusti, panjenenganipun malah saya sengkut makarya. Rasul Paulus pitados lan ngrumaosi sampun nampeni sih rahmat karahayon langgeng saking Allah lumantar Gusti Yesus. Gusti Yesus anggenipun paring sih rahmat karahayon langgeng punika, boten dipun lampahi kanthi sekeca, boten kanthi gegampangan, nanging kanthi nindakaken pakaryan agung malah ngantos seda sinalib. Klayan sengkut nglampahi padamelan punika, sih rahmatipun Gusti saya ngrembaka sumrambah dhateng tiyang kathah, dhateng tiyang-tiyang Korinta kala samanten ngantos dhateng kita ing mriki jaman samangke.
Kita ugi nampeni sih rahmatipun Gusti ingkang kaparingaken kanthi margi ingkang sami kados ingkang kaparingaken dhateng Rasul Paulus. Kita kaparingan sih rahmat boten supados kita “enak kari enak”, tegesipun boten perlu nglampahi padamelan. Kita pinaringan sih rahmat dening Gusti ugi supados kita saya sengkut nindakaken pakaryan lan karsanipun Gusti, supados sih rahmatipun Gusti punika saya ngrembaka lan sumrambah dhateng tiyang sanes, malah dhateng sadaya titahipun Gusti. Sih rahmatipun Gusti ingkang sampun kaparingaken dhateng kita mawarni-warni wujudipun, boten namung karahayon langgeng. Kita kaparingan rejeki cekap, utawi mbokmanawi malah kanthi luber, kasagedan, kapinteran, kaprigelan, pangkat, drajat (jabatan), sabin, tegilan, lsp. Sadaya punika kaparingaken dhateng kita boten supados kita remen, suka pari suka, nanging supados kita sami remen lan sengkut makarya. Gusti ngarsakaken peparingipun dhateng kita punika dados ngrembaka nyrambahi sadaya tiyang lan sagung tumitah. [ST]
“Kita pinaringan supados sengkut makarya”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar