Rabu, 26 September 2012

Panduman Cekap


Waosan: Wulang Bebasan (Amsal) 30: 5-9.
Pamuji: KPK 121
Nats: “… sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula.” (Ayat. 8b)
Wonten satunggaling rencang ingkang criyos makaten: Saben wong iku nduweni wadhah rejekine dhewe-dhewe. Ana sing wadhahe gedhe lan ana sing ora gedhe. Umpamane, ana sing wadhahe iku kaya gelas. Dadi yen gelase wis kebak, ya wis semono wae. Yen diaya-aya olehe ngiseni, mesthi ya mluber kutah. Dadi ya wis cukup semono wae. Sejatosipun yen rejeki ingkang kita tampeni punika kados ingkang dados panduman utawi jatah kita, kita boten badhe nate kekirangan, boten badhe dados mlarat. Pramila saking punika Agur bin Yake, ingkang nyerat bebasan punika, namung nyuwun kaparingan rejeki ingkang dados pandumanipun; boten nyuwun kasugihan, nanging ugi nyuwun boten binajaran kamlaratan. Yen rejeki punika kados ingkang dados pandumanipun, punika sampun cekap.
Namung kemawon, amargi mawarni-warni sabab, asring rejeki ingkang dipun tampeni tiyang punika suda saking pandumanipun. Awit saking punika lajeng tiyang mburu rejeki ingkang sakathah-kathahipun, nglangkungi pandumanipun. Kangge mburu kasugihan punika, tiyang ngambah margi ingkang boten leres, boten adil lan ngrisak. Ingkang saged dados jalaran sudaning rejekinipun saben tiyang nggih punika umpaminipun tatanan ingkang boten adil, lampah korupsi, risaking siti (tanah) lan tetaneman awit kathahing bahan-bahan kimia saking pabrik, lsp.  Sampun ngantos kita dados jalaran sudaning rejeki ingkang dados pandumanipun tiyang sanes. Ingkang punika kita kedah tumindak adil dhateng saben tiyang, umpaminipun dhateng rencang (pembantu rumah tangga), dhateng buruh, lsp. Kita tebihi lampah korupsi, kosokwangsulipun kita brastha korupsi. Kita olah lan kita reksa siti, tetaneman lan dhedhaharan saking kathahing bahan-bahan kimia. [PKS]
“Cukup lan ayema kalawan pandumanmu!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar