Selasa, 12 Februari 2013

Aja Lamis Lan Aja Serakah


Waosan : Markus 8 : 14 – 21
Pamuji : KPK 87
Nats: “Padha sing awas, padha ngwekanana Ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes!” [15b]
Lamis [munafik] saha serakah punika estunipun dados racun ing gesanging manungsa. Pramila kita lajeng asring mirengaken tiyang ingkang ngucap: “becik ketitik ala ketara.” Prakawis punika nedahaken bilih tiyang punika sampun judheg, boten saged tumindak menapa-menapa malih ngadhepi kawontenan ingkang boten nentremaken manah. Awit sadaya prakawis ingkang tinemu namung lamis kados Farisi ingkang katingalipun agamis nanging kok malah sadis (kejem), boten cocok antawisipun punapa ingkang dipun ngendikakaken kaliyan kasunyatanipun. Kados pundi yen prakawis punika ugi wonten ing gesang bebrayatan? Wah tamtu sadaya badhe risak lan bibrah.
Pramila Gusti Yesus Kristus lajeng paring piwucal dhateng para sakabat supados tansah waspada dhateng ragining [pengaruh] tiyang Farisi ingkang namung  “jaim” [jaga image/ketingalanipun sae]. Nanging estunipun namung kebak ing kadurjanan [Mat. 23:27-28].  Gusti ngantebaken dhateng para sakabat supados anggenipun para sakabat nampi dhawuh pangandika saha sadaya pakaryanipun Gusti Yesus sageda kalampahan kalayan manah ingkang resik, supados para sakabat saged wasis anggenipun badhe tumindak ing gesang punika. Pancen kathah sanget pacoben saha pangajak ing sakiwa tengen kita ingkang saged murugaken kita kepencut lan keli dhateng ombyaking gesang ingkang ketingalipun mbrewu lan ngremenanken nanging estunipun malah kathah ingkang namung lamis lan kadonyan kemawon. Pramila Gusti Yesus ngengetaken: “Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes” [15b].  Kita ugi katimbalan dening Gusti Yesus supados wonten ing anggen kita nglampahi gesang kita sadinten-dinten sageda kalampahan klayan manah ingkang resik saha tansah kebak ing saos sokur. [AK]
“Wong kang lamis ngisin-isin awake dhewe.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar