Kamis, 28 Februari 2013

Pranataning Gusti


Waosan : Rum 2 : 12 – 24
Pamuji : KPK 93 : 1
Nats:  “Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.” [ayat. 13]
Tujuan wontenipun pranatan(peraturan) punika dipun damel supados wonten ketertiban, kalancaran lan kasaenan ing satengahing masyarakat. Kados rambu-rambu lalu lintas dipun pasang supados para pengendara saged ngatos-atos ing margi. Yen rambu-rambu punika dipun langgar, ingkang cilaka inggih tiyang punika piyambak, saged kenging tilang utawi ngalami kecelakaan, malah saged mbilaeni tiyang sanes. Ing masyarakat ugi wonten norma lan kasusilan ingkang migunani kangge mranata masyarakat bab punapa ingkang pantes punapa boten, benar dan salah. Sedaya punika katata kanthi sae kangge mujudaken masyarakat ingkang sae.
Angger-angger Toret punika wujuding pranatanipun Gusti kangge bangsa Israel. Sarana angger-anggering Toret punika bangsa Israel saged mangertos pundi ingkang kedah dipun tindakaken lan pundi ingkang boten pareng dipun tindakaken. Gusti Yesus piyambak ngengetaken dhateng para Farisi lan ahli Toret supados boten namung apal isining Toret nanging kedah dipun tindakaken wonten ing gesangipun sadinten-dinten.  Rasul Paul paring piwucal lumantar seratipun dhateng Pasamuwan Rum bilih sedaya manungsa punika sampun dhawah ing dosa. Angger-anggering Toret asring boten dipun tindakaken bangsa Israel nadyan mangertos isinipun. Pramila Rasul Paul ngengetaken pasamuan Rum supados boten namung mirengaken bab dhawuhipun Gusti nanging kedah nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah.
Gusti Allah paring pranatan dhateng kita umatipun, salah setunggalipun inggih punika bab katresnan. Tresna dhateng Gusti Allah lan sesami. Nanging pranatan punika badhe muspra yen boten kita tindakaken ing gesang kita. GKJW netepakenTata Pranata ingkang dados paugeran lampahing warganing pasamuwan anggenipun nindakaken gesang sadinten-dinten. Pramila punapa ingkang dados pranataning Gusti lan greja kita, mangga kita tindakaken. Kita tansah nresnani brayat kita, sadherek kita, tetanggi kita langkung-langkung dateng mengsah kita. Lan ugi netepi Tata Pranata. [A]
“Tiyang ingkang nerak pranatan badhe bilai lan mbilaeni titah sanes.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar