Kamis, 14 Februari 2013

Pratandha Kayektenane Sang Kristus


Waosan : Lelakone Para Rasul 2 : 2 – 36
Pamuji : KPK 34 : 1,3
Nats: “…ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nazaret…” [ayat 22]
Wiwit rumiyin mila, pangupadinipun Gusti Allah supados manungsa saged sami pitados lan sujud ing pangayunanipun katindakakaken kanthi maneka warni cara lan pambudidaya. Wiwit saking ukuman ingkang awujud kaprihatosaning gesang ngantos dumugi pambirat sesakit lan pambirat dosa. Malah anggen sapurnanipun Gusti Allah ngrembat dosaning jagad lumantar gesang kaprihatosanipun Sang Kristus taksih wonten pangupadinipun Gusti Allah malih lumantar lelampahanipun para Rasul. Dhasar watak kamanungsaning manungsa kang ageng sanget ndadosaken netraning batin boten saged ningali kawontenanipun Gusti ingkang wasesa ing gesang punika. Mukjijat lan pratandha-pratandha swarga boten saged mbikak korining batos ingkang sampun sami wangkot karana kabidhung ing kamanungsan, satemah pratandha swarga kang katelakaken dening Gusti dhateng manungsa asring sanget mendal kados boten wonten ginanipun. Cariyos ing waosan kita punika ugi wujud pangupadinipun Gusti Allah supados manungsa saged nampeni sih katresnanipun srana pitados dhateng Gusti Yesus Kristus minangka Gusti kang sampun dipun tampik dening manungsa. Menawi kita raos-raosaken, saestu endah katresnanipun Allah dhateng manungsa. Nadyan dipun tampik, nanging Gusti Allah boten kendhat anggenipun mbudidaya supados katresnanipun saged dipun tampi. Tumedhakipun Sang Roh Suci lan khotbahipun Rasul Petrus ing waosan punika salah satunggaling wujud pambudidayanipun Gusti supados manungsa punika saged nemahi kawilujengan.
Mila, rahayu ingkang sampun purun nampeni Panjenenganipun lan mapanaken Gusti wonten ing sawetahing gesangipun. Sampun ngantos kita kados tiyang Yahudi ingkang boten saged nampi Gusti kanthi tulus Nanging sumangga kita mbikak korining manah kita supados Panjenenganipun manjing ing gesang menika paring panuntun, paring berkah, paring tentrem lan paring rahayu satemah kita saged dumugi ing gesang kalanggengan. Sumangga kita tansah mbudidaya supados sih katresnanipun Gusti Allah tansah saged kita raosaken saben dinten lan sadhengah papan.   Amin.[GaSa]
“Sing sapa ngalami patunggilane Gusti bakal ngrasakake tentrem kang sejati.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar